Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 24:5 - Kitab Sutji

5 Amarga akeh wong kang bakal teka nganggo jenengKu lan calathu: Aku iki Sang Kristua, sarta bakal nasarake wong akeh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 24:5
15 Iomraidhean Croise  

Paring wangsulane Sang Yehuwah marang aku: “Para nabi iku padha meca goroh atas asmaningSun! Ingsun ora ngutus lan paring dhawuh sarta ora paring pangandika marang para wong iku. Wong iku padha nglairake wangsit goroh, pamecane kang kothong lan akal culikaning atine dhewe.


“Ingsun ora ngutus para nabi iku, ewadene padha mempeng, Ingsun ora paring pangandika marang para wong iku, ewadene padha memeca.


Ingsun wus miyarsa apa kang dikandhakake para nabi, kang memeca goroh demi asmaningSun, sarana pangucape: Aku wis ngimpi, aku wis oleh impen!


Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Sira aja ngapusi awakira dhewe, kalawan ngucap: Para wong Kasdim wus lunga kabeh ing salawase! Mangka ora padha lunga ing salawase!


Lan maneh bakal akeh nabi palsu kang muncul lan nasarake wong pirang-pirang.


Sabab kristus-kristus palsu lan nabi-nabi palsu bakal muncul sarta padha nganakake tandha-tandha kang nggegirisi lan mukjijat-mukjijat; saupama bisaa mangkono, iku padha arep nasarake para wong pilihan uga.


TekaKu iki atas asmane RamaKu, nanging ora koktampani. Manawa ana wong liya kang teka atas jenenge dhewe iku bakal koktampani.


Mulane Aku mau tutur ing kowe, manawa kowe bakal padha mati sajroning dosamu. Amarga manawa kowe padha ora ngandel yen Aku iki Panjenengane, wus mesthi kowe bakal padha mati ing sajroning dosamu.”


Kang iku Gusti Yesus ngandika: “Besuk samasa kowe wus nyengkakake Putraning Manungsa, tumuli kowe lagi bakal padha sumurup yen Aku iki Panjenengane, sarta ora nglakoni apa-apa saka karepKu dhewe, nanging apa kang Dakwarahake iku miturut kaya anggonKu wus diwulang dening RamaKu.


He, bocah-bocah, iki wektu kang wekasan. Lan kaya anggonmu wus padha krungu warta yen si Anti-Kristus bakal teka, mangkono uga ing samengko iya wus akeh Anti-Kristus kang padha jumedhul. Kang mangkono iku dadi pratandha yen iki nyata-nyata wektu kang wekasan.


Sapa ta si pangawak goroh iku? Apa dudu kang nyelaki yen Gusti Yesus iku Sang Kristus? Yaiku si Anti-Kristus, kang nyelaki marang Sang Rama lan Sang Putra.


Lan sadhengah roh kang ora ngakoni Gusti Yesus, iku asale ora saka ing Gusti Allah. Roh iku rohing Anti-Kristus, kang wus padha kokrungu wartane yen bakal teka, lan samengko wus ana ing jagad.


Lan kabeh wong kang manggon ing bumi bakal padha sujud marang si kewan, yaiku saben wong kang jenenge wiwit nalika jagad tinalesan ora katulisan ing buku kauripan kagungane Sang Cempe kang wus kasembeleh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan