Sanyata, mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sira aja gelem diapusi dening para nabinira, kang ana ing tengahira, apadene dening para juru petungira, lan aja nggugu marang impen, kang diimpekake!
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Sira aja ngapusi awakira dhewe, kalawan ngucap: Para wong Kasdim wus lunga kabeh ing salawase! Mangka ora padha lunga ing salawase!
Sabab bakal ana kristus-kristus lan nabi-nabi palsu kang jumedhul lan kang nganakake pratandha-pratandha sarta mukjijat-mukjijat, karepe, yen bisa arep nasarake para pepilihan.
Paring wangsulane: “Sing padha waspada, supaya kowe aja nganti disasarake. Amarga bakal ana wong akeh kang padha teka nganggo jenengKu lan calathu: Iya aku iki Panjenengane lan iki wus ndungkap wektune. Kowe aja ngetut-buri wong-wong iku.
Aja nganti kowe kena disasarake kalawan tetembungan kang kothong, awit prakara-prakara kang mangkono iku nekakake bebenduning Allah tumrap wong-wong duraka.
Aja nganti kaunggulanmu iku diwurungake dening wong kang rewa-rewa andhap-asor lan memuja marang malaekat, lan maneh ngaku-aku ndeleng marang kaanan kang ora katon, apadene tanpa waton anggone gumunggung dening pamikire kang cara kadonyan,
Diprayitna, aja nganti ana kang nawan kowe nganggo ngelmu rerekan lan piwulang palsu kang tanpa isi manut wulange ila-ila lan roh-rohing jagad, kang ora manut marang Gusti Kristus.
Kowe aja nganti padha disasarake dening wong kalawan patrap kapriye bae! Awitdene sadurunge tekane Dina iku mesthi ana pamurtad dhisik lan kababar dhisik si manungsa duraka, kang kudu sirna,
Para kekasih, aja padha nggugu marang angger roh, nanging roh-roh iku dadaren, apa asale saka ing Gusti Allah. Amarga akeh wong kang mindha-mindha nabi kang jumedhul lan ndlajahi jagad kabeh.