Sadulur bakal masrahake padha sadulur marang paukuman pati, samono uga bapa masrahake anake, lan anak-anak bakal padha ngwaneni wong-tuwane lan banjur dipateni.
nanging ora ana oyode ing batine, dadi ora antepan. Bareng tuwuh panyiyanyiya utawa panganiaya marga saka pangandika iku, wong mau banjur enggal murtad.
Wong-wong mau temahan padha kesandhung ing bab Panjenengane. Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kang jeneng nabi iku ana ing ngendi-endi kajen, kajaba ana ing papan asale lan ing omahe dhewe.”
Sadulur bakal ngulungake padha sadulur marang paukuman pati, bapa ngulungake anake sarta ana-anak bakal padha mbalela marang wong-tuwane lan mateni wong-tuwane.
Apamaneh kowe bakal iya padha diulungake dening wong tuwamu, sadulur-sadulurmu, kadang-kadeyanmu lan pawong mitramu sarta ana panunggalanmu sawatara kang bakal dipateni,
awit Demas wis rumaket marang donya iki lan ninggal aku. Dheweke wis mangkat menyang Tesalonika. Kreskes wis lunga menyang Galati lan Titus menyang Dhalmatia.
Nalika aku ngunjukake panjawab kang kawitan, ora ana wong siji-sijia kang mbiyantu aku, kabeh padha ninggal aku – iku muga aja ditempuhake marang wong-wong mau –