Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 24:1 - Kitab Sutji

1 Sawise iku Gusti Yesus banjur miyos saka ing Padaleman Suci lan tindak saka ing kono. Para sakabate tumuli padha nyelaki Panjenengane, diaturi mirsani yeyasan-yeyasaning Padaleman Suci.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 24:1
11 Iomraidhean Croise  

Pangandikane Nabi Yeremia marang Sang Seraya: “Manawa kowe tekan ing Babil, mbudidayaa, supaya kowe bisa macakake sakehing pangandika iki,


He Yerusalem, sira nampanana pamerdi, supaya Ingsun ora nilar sira, lan ora ndadekake sira sepi mamring, dadi nagara kang suwung!”


Aku nuli kapangandikanan mangkene: “He, anaking manungsa, apa sira ndeleng apa kang padha ditindakake, yaiku panggawe-panggawe kang nistha banget, kang dilakoni dening turune Israel ana ing kene, satemah Ingsun kapeksa ngedohi papan pasuceningSun? Sira isih bakal ndeleng panggawe kang nistha kang ngluwihi iku.”


Sanadyan padha ngopeni anak-anake nganti gedhe, mesthi Sundadekake ora duwe anak, satemah ora ana manungsa maneh. Lah, bilai uga wong-wong iku samangsa wus padha Suntilar!


Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci. Nalika Panjenengane lagi paring piwulang ana ing kono, ana pangareping imam lan pinituwaning bangsa Yahudi kang padha sowan ing ngarsane lan matur pitakon: “Panjenengan tumindak makaten punika kanthi panguwaos ingkang pundi? Saha sinten ingkang maringi panguwaos punika dhateng Panjenengan?”


Lan Aku kandha marang kowe: Wiwit saiki kowe ora bakal padha ndeleng Aku maneh, nganti kowe padha kandha: Binerkahana Ingkang rawuh atas asmanipun Pangeran.”


Unjuke wong Yahudi: “Padaleman Suci punika kabangun ing salebetipun kawandasa nem taun, mangka Panjenengan kok badhe, ngadegaken salebeting tigang dinten?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan