Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 23:9 - Kitab Sutji

9 Apamaneh kowe aja nyebut rama marang sapa bae ana ing bumi iki, awit mung siji Ramamu, yaiku kang ana ing swarga.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 23:9
16 Iomraidhean Croise  

Nalika Nabi Elisa nandhang gerah kang njalari ing sedane, Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel, rawuh martuwi lan banjur muwun ana ing ngarsane, pangandikane: “Dhuh rama kula, rama kula! Kretanipun Israel tuwin balanipun kekapalan!”


Nalika Elisa ndeleng kang mangkono iku, nuli nguwuh: “Dhuh rama kula, rama kula! Kretaning Israel dalah para tiyangipun ingkang sami numpak kapal!” Sawuse mangkono banjur wus ora ketingal maneh marang Elisa. Elisa tumuli nyandhak panganggone lan disuwek dadi loro,


Sang Nata ing Israel banjur ndangu marang Nabi Elisa, nalika mirsa wong-wong mau: “Punapa tiyang-tiyang punika prayoginipun sami kula pejahi, rama?”


Anak iku ngajeni bapakne, lan abdi iku ngajeni bendarane. Manawa Ingsun iku jumeneng Rama, endi pakurmatan kang marang Ingsun iku? Sarta manawa Ingsun iki dadi bendara, endi rasa wedi kang marang Ingsun iku? – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi marang kowe kabeh, – he, para imam kang ngremehake asmaningSun? Nanging sira padha munjuk pitakon: “Kanthi patrap kadospundi anggen kawula ngremehaken asma Paduka?”


Kowe aja gelem disebut panutan, amarga mung siji Panutanmu, yaiku Sang Kristus.


Awit iku kabeh diupaya dening para wong kapir; kowe aja mangkono, awit Ramamu ing swarga wus mirsa, yen iku mau kabeh dadi kabutuhanmu.


Dadine yen kowe kang ala padha mangreti ing bab paweweh kang becik marang anak-anakmu, saya maneh Ramamu kang ana ing swarga, mesthi peparing kang becik marang wong sing padha nyenyuwun marang Panjenengane.”


“Para sadherek saha bapak-bapak, sumangga sami kula aturi mirengaken panjawab kula dhateng panjenengan sapunika.”


Marga sanadyan kowe padha duwea pamomong maewu-ewu ana ing Sang Kristus, nanging ora duwe bapa akeh. Marga iya aku kang dadi bapakmu ana ing Sang Kristus Yesus sarana Injil kang dakwartakake marang kowe.


Lan Ingsun bakal dadi Ramanira, sarta sira bakal padha dadi putraningSun lanang lan wadon. Mangkono pangandikane Pangeran, Kang Mahakuwasa.”


Sabanjure; saka bapa kita kang sabenere, kita wus kapatrapan, mangka iku padha kita eringi, mendahane maneh manawa kita oraa kudu sumuyud marang Ramane sakabehing roh, supaya kita kepareng urip?


Kawruhana, sapira gedhene katresnan kang diparingake dening Sang Rama marang kita, nganti kita padha kasebut para putraning Allah, lah kita pancen putraning Allah. Mulane jagad ora wanuh marang kita, amarga jagad iku ora wanuh marang Panjenengane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan