Amarga ratu ing Babil bakal ana ing dalan simpangan kono, yaiku ing wiwitane dalan loro mau, prelu arep nindakake patenungan. Panahe dikrocok, terafim dijaluki pituduh lan atining kewan katiti-priksa.
Abdi-abdi mau tumuli padha mangkat lan nglumpukake kabeh wong kang ana ing dalan-dalan, wong ala lan wong becik, nganti ngebaki papan pahargyan manton.
Sabab aku padha diparingi dhawuh mangkene: Sira wus Suntetepake dadi pepadhang tumrap bangsa-bangsa kang ora wanuh marang Allah, supaya sira dadi marganing karahayon nganti tumeka ing pungkasaning bumi.”
Aku, wong kang asor dhewe ing antarane para suci kabeh, wus kaparingan sih-rahmat iki, kanggo martakake marang wong-wong dudu Yahudi bab kasugihane Sang Kristus, kang ora kena kinira iku,
Apadene Sang Roh lan panganten putri padha nyebut: “Paduka mugi rawuh!” Lan sapa kang krungu, iku munjuka: “Paduka mugi rawuh!” Lan sapa kang ngelak, majua lan sapa kang arep, njupuka banyu panguripan kalawan lelahanan.