Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 22:4 - Kitab Sutji

4 Nuli utusan para abdine liyane, dhawuhe: Sing padha diulemi kandhanana mangkene: Ingsun wis nyawisake bujananingsun, sapiningsun lan kewaningsun lemon wis padha kasembelehan, sarta samubarang wis cumepak. Padha tekaa ing pahargyan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 22:4
18 Iomraidhean Croise  

Dene sami lumuh mirengaken tuwin boten ngengeti dhateng kaelokan ingkang Paduka tindakaken wonten ing satengahipun; sami ngakenaken githokipun, malah sami nekad badhe mangsuli pangawulanipun wonten ing tanah Mesir. Nanging Paduka punika Gusti Allah ingkang sugih pangapunten, asihdarma tuwin ambek welasan, sabar saha agung sihsusetyanipun. Paduka boten karsa negakaken para leluhur kawula wau.


Amargi Paduka punika sae, dhuh Pangeran, saha remen ngapunten, punapa malih sih-susetya Paduka punika luber tumrap tiyang ingkang sesambat dhumateng Paduka.


Luwih becik jangan sapiring kanthi katresnan, tinimbang karo sapi lemu kang klawan sesengitan.


Yayi, pengantenku, aku teka ing pakebonanku, ngumpulake mur lan anggi-anggiku, dakpangan tala lan maduku, dakombe anggur lan puwanku. Para mitra, mangana lan ngombea, ngombea nganti mendem tresna!


Sawise iku kang duwe pakebonan banjur kongkonan maneh rewang-rewang liyane, luwih akeh katimbang sing dhisik, nanging iya nemahi lelakon kang kaya sing dhisik.


Ewadene para kang kauleman padha ora maelu. Ana kang padha menyang ing pategalane, ana kang lunga ngurus padagangane,


Sawise iku nuli ngandika marang para abdine: Bujana manton wis cumawis, nanging wong-wong sing diulemi padha ora pantes.


Bareng wis ndungkap wayahe bujana, bature dikongkon pratela marang wong kang padha diulemi: Sumangga sami karsaa rawuh, amargi sadaya-sadayanipun sampun cumawis.


Nanging kowe bakal padha tampa kasekten, samangsa Sang Roh Suci wus nedhaki marang kowe kabeh sarta kowe bakal padha dadi seksiKu ana ing Yerusalem lan ing satanah Yudea kabeh, sarta ing tanah Samaria tuwin tumeka ing pungkasaning bumi.”


Nanging Rasul Paulus lan Barnabas kanthi kendel mangandikani: “Pancen pangandikaning Allah iku kudu diwartakake marang kowe kabeh dhisik, nanging kowe padha nampik lan nganggep ora pantes tampa urip langgeng. Mulane aku banjur padha marani bangsa-bangsa liya.


Kang ora ngeman Kang Putra piyambak, nanging malah nganti dipasrahake kanggo kita kabeh, apa iya kalakon ora maringake samubarang kabeh marang kita bareng lan Panjenengane?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan