Sarta kowe padha kayaa wong-wong kang nganti-anti rawuhe bendarane saka pahargyan memanton, supaya manawa wis kondur lan thothok-thothok lawang, enggal bisa ngengani lawang.
Sabab aku butarepan ing ngatase kowe kalawan butajenganing Allah. Awit kowe wus padha dakpacangake karo wong lanang, kang nuntun kowe kayadene prawan suci marang Sang Kristus.
Kowe iya tumuli nglakonana apa kang dadi putusane, saka ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah. Kowe nglakonana kalawan setya sakehe pituduhe marang kowe.