8 Wong-wong kang gunggunge akeh banget iku padha njereng panganggone ana ing dalan, ana maneh kang padha mecoki pang-panging wit-witan, padha disebar ana ing dalan.
Wong akeh mau tumuli padha njupuk sandhangane, dijereng mangkono bae ana ing undhak-undhakan, ing ngarsaning sampeyane Sang Yehu, sarta banjur padha ngunekake kalasangka lan alok-alok: “Sang Yehu jumeneng ratu!”
Ing dinane kapisan sira goleka woh-wohan kang becik-becik, papah-papah kurma, apadene carang-carange wit-witan kang ngrembuyung sarta wit gandarasa lan padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Allahira, pitung dina lawase.
wong-wong iku banjur padha njupuki papahe wit palem, tumuli metu padha methukake Panjenengane, kambi surak-surak: “Hosana! Binerkahana Panjenenganipun ingkang rawuh atas asmanipun Pangeran, Ratunipun Israel!”