Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 21:6 - Kitab Sutji

6 Sakabat-sakabat mau banjur mangkat lan nindakake apa sadhawuhe Gusti Yesus.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 21:6
9 Iomraidhean Croise  

Rama Abram tumuli bidhal netepi apa kang didhawuhake dening Sang Yehuwah, sarta Lut ndherek. Rama Abram nalika bidhal saka Haran yuswane pitung puluh lima tahun.


Rama Nuh tumuli nglampahi, ngestokake apa sadhawuhe Gusti Allah mau kabeh.


Nabi Musa tumuli mriksani sakehe gegawean iku, pranyata anggone padha nggarap iku cocog karo kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah, kaya mangkono anggone padha tumindak ing gawe. Wong-wong mau tumuli padha diberkahi dening Nabi Musa.


Nabi Musa banjur nglampahi kabeh kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah.


Aku banjur nindakake apa sadhawuhe marang aku: ing wayah awan aku nggawa barang-barang kayadene barange wong buwangan lan ing wayah bengi aku gawe bolongan ing tembok kalawan tanganku; ing wayah bengi kang peteng ing sapandelenge wong-wong mau aku metu kalawan manggul barang-barangku.


“Tutura marang putri Sion: Delengen, Ratunira ngrawuhi sira, Panjenengane iku alus panggalihe sarta nitih kuldi, beloning kuldi momotan.”


Kuldine karo belone digawa, banjur dilarabi sandhangane. Gusti tumuli nitih.


Kowe iku mitraKu, manawa kowe padha nglakoni pepakonKu marang kowe.


“Ingsun kaduwung dene njumenengake ratu Saul, amarga wong iku wus nyingkur marang Ingsun lan nglirwakake dhawuhingSun.” Nabi Samuel temah sekel galihe, nyebut marang Sang Yehuwah sawengi muput.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan