Tekene keprabon bakal ora ngalih saka Yehuda, utawa lambanging paprentahan saka ing antarane sikile, nganti tumeka rawuhe Sang Silo, kang bakal disuyudi bangsa-bangsa.
Sang Prabu banjur ndangu marang Ziba: “Kepriye karepira iki?” Ature Ziba: “Kuldi-kuldi punika kangge titihanipun para garwa putra dalem; roti lan woh-wohan punika kangge tedhanipun para abdi lan anggur punika kangge omben-ombenipun tiyang-tiyang ingkang kasayahen wonten ing pasamunan.”
nuli padha dipangandikani mangkene: “Para abdine gustimu padha gawanen, putraku Suleman tunggangna ing bihal titihanku dhewe, banjur gawanen menyang ing Gihon.
Sang Prabu Suleman uga nglempakake kreta lan wadya-bala jaranan, nganti banjur kagungan kreta sewu patang atus lan wadya-bala jaranan rolas ewu, kabeh iku kapapanake ana ing kutha-kutha kang mligi kanggo ngandhangake kreta, cedhak karo Sang Prabu ana ing Yerusalem.
Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka welasi, mugi nupiksani kasrakatan kawula margi saking pandamelipun para tiyang ingkang sengit dhateng kawula; Paduka ingkang ngentasaken kawula saking gapuraning pejah,
He Sion, kang nggawa kabar becik, munggaha ing gunung kang dhuwur! He Yerusalem, kang nggawa kabar becik, ulukna swaramu kang sora, iya ulukna swaramu, aja wedi! Wartakna marang kutha-kutha ing Yehuda: “Delengen, iku Gusti Allahmu!”
Amarga iki kang wus kaundhangake dening Pangeran Yehuwah nganti tekan ing poncoting bumi! Wartakna marang putri Sion: Lah karahayonmu teka; lah kabeh kang dadi pituwasing rekaose padha bareng kalawan Panjenengane, sarta kang wus dadi kagungane iku padha lumaku ana ing ngarsane.
AbdiningSun Dawud kang bakal dadi rajane lan wong-wong mau kabeh bakal mung duwe pangon siji sarta lakune bakal manut miturut ing pranatan-pranataningSun lan bakal padha nglakoni katetepaningSun kalawan setya.
Nanging turune Yehuda kang bakal Sunwelasi lan Sunpitulungi demi Sang Yehuwah Allahe. AnggoningSun mitulungi iku ora srana panah utawa pedhang, ora srana gegamaning perang utawa srana jaran apadene prajurit jaranan.”
Mulane bangsa iku mung arep ditogake bae nganti tumeka wektune wanita kang pinesthi mbabar putra wus kelakon mbabar, nuli kekarening para sadulure bakal padha bali nunggal karo wong Israel.
PasanganKu padha tampanana ing pundhakmu lan padha nggegurua marang Aku, awit Aku iki alus lembah ing budi, temahan kowe bakal padha oleh ayeming nyawamu.
lan takon-takon: “Ratunipun tiyang Yahudi ingkang nembe miyos punika wonten ing pundi? Margi kula sampun sami sumerep lintangipun wonten ing wetan, dene anggen kula mriki punika badhe sami sujud wonten ing ngarsanipun.”
Anadene sira, he Betlehem ing tanah Yahuda, sira iku babar pisan ora kuciwa ana ing antarane para kang ngasta paprentahan ing tanah Yahuda, amarga saka sira bakal ana panutan kang miyos, kang bakal ngengon umatingSun Israel.”
Tumuli padha diparingi katrangan bab sabarang kang wis katulisan ing Kitab Suci kabeh tumrap Panjenengane, wiwit kitab-kitabe Nabi Musa lan kitab-kitabe para nabi.
Aku Paulus, wong kang ora wani apa-apa yen adu-arep karo kowe, nanging wani marang kowe yen adoh, aku ngelingake kowe demi Sang Kristus kang alus panggalihe lan rumaket.
Ratu iku aja nganti ngingu jaran akeh-akeh lan aja mbalekake bangsa iku menyang ing tanah Mesir supaya oleh jaran akeh, awitdene wus ana dhawuhe Sang Yehuwah marang kowe: Ing tembe sira aja bali ngliwati dalan iki maneh.
Panjenengane kagungan putra kakung patang puluh lan wayahe kakung telung puluh, kang padha nitih kuldi lanang. Anggone ngereh bangsa Israel lawase wolung taun.