Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 21:3 - Kitab Sutji

3 Dene manawa ana wong kang ngaruh-aruhi kowe, kandhaa: Punika prelu kagem Gusti. Mangke tumunten badhe dipun wangsulaken.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 21:3
18 Iomraidhean Croise  

“Sira tata-tataa lan mangkata menyang ing Sarfat, kang klebu ing wilayahe Sidon banjur manggona ing kana. Sumurupa, Ingsun wus dhawuh marang sawijining randha supaya menehi pangan marang sira.”


Nalika taun kapisan jumenenge Prabu Koresy, ratu ing nagara Persia, supaya katetepana pangandika kang kalairake dening Nabi Yeremia, Sang Yehuwah ngosikake panggalihe Sang Prabu Koresy, ratu ing Persia mau, temahan panjenengane nuli ngundhangake ing saindenging karajane Prabu Koresy kalawan lesan lan katulis:


Ing kono para panggedhene darah yehuda lan Benyamin sarta para imam lan para wong Lewi, yaiku saben wong kang katetangi krekating atine dening Gusti Allah, supaya mangkat, banjur padha budhalan, arep mbangun padalemane Sang Yehuwah kang akedhaton ana ing Yerusalem.


Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhur kita, kang kanthi mangkono wus karsa ngebahake panggalihe Sang Prabu, satemah panjenengane banjur damel edi endahe padalemane Sang Yehuwah kang ana ing Yerusalem,


Masmur anggitane Prabu Dawud. Bumi dalah saisine kabeh kagungane Sang Yehuwah, mangkono uga jagad lan kang padha ngenggoni.


dhawuhe: “Padha menyanga ing desa ngarepmu iku, mengko kowe bakal enggal mrangguli kuldi wadon cacangan karo belone ana ing sandhinge. Iku padha uculana lan loro-lorone gawanen mrene.


Bab iku kalakone supaya kayektenan kang dipangandikakake dening nabi:


Kadosdene anggen Paduka sampun maringi panguwaos dhateng Piyambakipun mengku sawarnining agesang, makaten ugi Piyambakipun inggih badhe nyukani gesang langgeng dhateng sadaya ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Piyambakipun.


Sang Rama ngasihi marang Sang Putra, sarta wus masrahake samubarang kabeh marang Panjenengane.


sarta ugi boten dipun ladosi ing tanganing manungsa, kados wontena kakiranganipun tumrap punapa-punapa, amargi inggih Panjenenganipun punika ingkang paring gesang saha ambekan sarta samukawis kabetahan dhateng manungsa sadaya.


Nanging puji sokur konjuk marang Gusti Allah, kang maringi katemenan kang kaya mangkono uga ana ing atine Titus ing bab anggone mbiyantu kowe,


Marga kowe wus padha sumurup marang sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, yaiku manawa Panjenengane, kang amarga saka kowe dadi mlarat, sanadyan Panjenengane iku sugih, supaya kowe dadia sugih marga kamlaratane.


Angger peparing kang becik sarta ganjaran kang sampurna iku saka ing luhur, tumurun saka ing Ramane sakehing pepadhang, kang ora owah gingsir utawa ora ana empering pamalike.


Sang Prabu Saul, uga kondur menyang ing daleme ing Gibea, kadherekake para wong gagah prakosa, kang diosikake atine, dening Sang Yehuwah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan