MATEUS 21:12 - Kitab Sutji12 Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci sarta nundhungi wong kang padha dol-tinuku ana ing plataraning Padaleman Suci, meja-mejane wong pareyalan lan bangku-bangkune wong adol manuk dara padha digolingake, Faic an caibideil |
Nanging saupama wong mau ora bisa ngaturake manuk deruk loro utawa piyik dara loro, kang disaosake minangka kurban marga saka anggone dosa iku arupa glepung kang becik dhewe saprasepuluh efa kanggo kurban pangruwating dosa. Ora kena diesoki lenga lan aja ditumpangi menyan, awit iku kurban pangruwating dosa.