Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 21:10 - Kitab Sutji

10 Nalika Panjenengane lumebet ing Yerusalem, wong sakutha kabeh padha horeg, lan padha ngucap: “Sapa ta wong iki?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 21:10
14 Iomraidhean Croise  

Lah apa ta iku kang kumelun saka ing ara-ara samun kaya kumebuling kukus kasaput ing wangining mur lan menyan lan uwur wangi warna-warna saka wong dagang?


“Sapa ta kang rawuh saka ing Edom, kang rawuh saka ing Bozra kalawan ngagem rasukan abang iku, kang katon mawa cahya marga saka pangagemane kang kaya mangkono iku, kang lumampah kalawan ngagem kakiyatan kang linuwih iku?” “Iya Ingsun iki, kang janji bakal paring pangadilan, lan kang kagungan kwaos paring pangluwaran!”


Bareng Sang Prabu Herodhes miyarsa kang mangkono iku, banget getere, mangkono uga wong sakutha Yerusalem kabeh.


Wong akeh padha mangsuli: “Iku Nabi Yesus saka Nasaret ing tanah Galilea.”


Lan wong akeh kang padha lumaku ana ing ngarsane Gusti Yesus lan kang lumaku ana ing sawingkinge padha nguwuh-uwuh pangucape: “Hosana konjuk ing Putranipun Prabu Dawud, binerkahana ingkang rawuh awit saking Asmaning Pangeran. Hosana wonten ing ngaluhur.”


tuwin munjuk marang Gusti Yesus: “Kula sami kapangandikanana, menggah anggen Panjenengan nindakaken samukawis sadaya punika kanthi panguwaos ingkang pundi, saha sinten ingkang maringi panguwaos punika dhateng Panjenengan?”


Nanging para ahli Toret lan para wong Farisi padha mikir sajroning ati: “Sapa ta wong iki, dene nyenyamah marang Allah mangkono? Sapa sing bisa ngapura dosa kajaba Gusti Allah Piyambak?”


Wong kang padha linggih mangan bebarengan karo Panjenengane, padha mosik mangkene: “Sapa ta, Dheweke iku, dene kok nganti bisa ngapura dosa?”


Nanging Sang Prabu Herodhes ngandika: “Yokanan wis daktigas gulune. Sapa ta Wong iki, kang wis kawartakake mangkono iku?” Tumuli ngudi bisane ketemu karo Gusti Yesus.


Wong-wong Yahudi tumuli nyela atur marang Gusti Yesus: “Panjenengan saged damel mukjijat punapa ingkang saged Panjenengan ketingalaken dhateng kula sadaya, dene Panjenengan kok nindakaken pratingkah kados makaten?”


Atur wangsulane Saulus: “Paduka punika sinten, Gusti?” Pangandikane Gusti: “Ingsun iki Yesus, kang sira kaniaya iku.


Lan sakarone nuli padha mbanjurake lakune nganti tekan ing Betlehem. Bareng padha lumebu ing Betlehem, wong sakutha kabeh padha gumeder rame marga saka wong loro iku lan para wong wadon padha ngucap: “Apa iku Naomi?”


Nabi Samuel nuli nindakake apa kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah, lan rawuh ana ing kutha Betlehem. Para tuwa-tuwane kutha kono methukake Nabi Samuel kanthi gumeter lan matur: “Rawuh panjenengan punika punapa kanthi raharja?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan