Ing wektu iku sampeyane tumapak ana ing gunung Jaitun kang kaprenah ing sangarepe Yerusalem sisih wetan. Gunung Jaitun mau bakal binelah dadi loro, saka ing wetan mangulon, satemah banjur nganakake lebak kang jembar banget; sigarane gunung mau kang siji mingser mangalor, sijine mengidul.
Gusti Yesus trenyuh panggalihe marga saka welas, banjur ndumuki mripate wong-wong mau. Padha sanalika padha bisa ndeleng, tumuli padha ndherekake Gusti Yesus.
dhawuhe: “Padha menyanga ing desa ngarepmu iku, mengko kowe bakal enggal mrangguli kuldi wadon cacangan karo belone ana ing sandhinge. Iku padha uculana lan loro-lorone gawanen mrene.
Bareng Gusti Yesus lenggah ing gunung Zaitun, para sakabat padha ngadhep ing ngarsane piyambakan lan matur: “Guru, mugi karsaa paring sumerep dhateng kawula sadaya, benjing punapa badhe kalampahanipun punika, sarta punapa tandha-tandhanipun rawuh Paduka saha dinten wekasan?”
Bareng Gusti Yesus lenggah ing gunung Zaitun adhep-adhepan karo Padaleman Suci, Petrus, Yakobus, Yokanan lan Andreas matur pitakon dhewekan marang Panjenengane: