8 Bareng wis surup sing duwe pakebonan kandha karo mandhore: Buruh-buruh mau padha undangen, padha wenehana buruhane, wiwit sing mlebu keri dhewe nganti tekan sing mlebu dhisik dhewe.
Ing dina iku uga sadurunge srengenge surup, buruhane dinan kawenehna, awit wong iku mlarat lan mesthi ngarep-arep opahane; supaya wong iku aja nganti sesambat marang Sang Yehuwah bab kowe, temah iku dadi dosa tumrap kowe.
mangkono uga Sang Kristus iya mung sapisan bae anggone ngurbanake sarirane prelu nanggel dosane wong akeh. Sawise iku bakal ngatingal sapisan engkas ora prelu nanggel dosa, nanging prelu maringake karahayon marang wong kang padha nganti-anti marang Panjenengane.
Amarga kang jeneng pamong iku kudu tanpa cacad, awit dadi juru panatane padalemaning Allah, kudu ora kumawasa, ora gampang nepsu, ora karem ngombe anggur, ora dhemen kerengan, ora srakah,
Sabab kita kabeh kudu padha ngadhep ana ing ngarsane dhamparing pangadilane Sang Kristus, prelu nampani ganjaran kang cundhuk karo kang padha kita lakoni dhewe-dhewe sajrone urip iki, dadia kang becik, dadia kang ala.
Paring wangsulane Gusti: “Sapa ta kang dadi pitayaning omah kang setya lan pinter, kang bakal diangkat dening bendarane dadi tetuwaning para abdi kang nyadhongi pangan marang dheweke kabeh ing wayah kang wis katemtokake?
Kowe tetepa ana ing kono, mangana lan ngombea apa kang disuguhake marang kowe, amarga wong nyambut-gawe iku wis samesthine oleh pituwas. Aja ngolah-ngalih pamondhokmu.
Yohana, somahe Khuza, juru-gedhonge Sang Prabu Herodhes, Susana lan liyane maneh isih akeh. Wong-wong wadon iki padha ngladeni Gusti sapandhereke kalawan barang darbeke.