4 Calathune marang wong-wong mau: Kowe iya padha menyanga ing pakebonanku anggur, mengko bakal dakwenehi pituwas sapantese. Wong-wong mau uga banjur padha mangkat.
Bareng Gusti Yesus nglajengake tindake, banjur mirsa wong kang jenenge Mateus linggih ing pabeyan, iku nuli dipangandikani: “Melua Aku!” Mateus banjur ngadeg lan ndherekake Panjenengane.
Lan sawenehing panunggalanmu biyen iya kaya mangkono iku, nanging kowe wus padha masrahake awakmu supaya diresiki, kowe wus padha kasucekake, wus padha kabenerake marga saka Asmane Gusti Yesus Kristus lan marga dening Rohe Allah kita.
Iki tembung kang satuhu lan karepku kowe supaya yakin ngungkuli bab iku, amrih wong-wong kang wis padha pracaya marang Gusti Allah padha ngudi kanthi temen-temen nglakoni panggawe becik. Yaiku kang prayoga lan migunani tumrap manungsa.
Mulane cawisna akal-budimu sarta sing waspada, apadene sakehing pangarep-arepmu dhasarna ing sih-rahmat kang kaparingake marang kowe ing wektu kababare Gusti Yesus Kristus.