Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 20:2 - Kitab Sutji

2 Bareng wis padha sarujuke opahe nyadinar sadina, banjur padha dikon menyang ing kebone.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 20:2
24 Iomraidhean Croise  

Bokmanawi saged kelampahan, manawi kula sampun kesah saking ngarsa panjenengan, Rohipun Pangeran Yehuwah lajeng ngangkat panjenengan dhateng panggenan ingkang kula dereng sumerep. Manawi kula ngantos sowan ing ngarsanipun Sang Prabu Akhab tuwin ngaturi uninga bab panjenengan, sarta panjenengan boten wonten, kula temtu badhe dipun pejahi, mangka ingkang abdi punika wiwit alit ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah.


Ing taun kang kaping wolune paprentahane, nalika panjenengane isih timur, panjenengane wiwit ngupadi marang Gusti Allahe Sang Prabu Dawud, leluhure, lan ing taun kang kaping rolas Sang Prabu wiwit ngresiki kanajisaning Yehuda lan Yerusalem yaiku nyingkirake tengger-tengger pangurbanan, tugu-tugu brahala, reca-reca tatahan lan reca-reca cithakan.


Elinga marang kang nitahake kowe ing sajrone isih anom, sadurunge satekane dina-dina kang ala lan taun-taun, kang kokkandhakake mangkene: “Ing nalika iku aku ora duwe kasenengan!”,


Nanging saundure abdi mau banjur kapethuk karo abdi liyane kang utang marang dheweke satus dinar, tumuli dicekel lan ditekak gulune, calathune: Sauren utangmu!


“Anadene Kratoning Swarga iku kena diupamakake wong kang ing wanci esuk umun-umun metu golek wong buruh kanggo kebone anggur.


Nanging kang duwe pakebonan mangsuli marang salah sawijining wong mau: Aku rak ora luput karo kowe. Kowe karo aku rak wis padha sarujuk nyadinar sadina?


Kira-kira jam sanga dheweke metu maneh nuli weruh wong-wong kang padha nganggur ana ing pasar.


Wong-wong kang kira-kira jam lima wiwit nyambut-gawe padha teka, lan diopahi nyadinar.


Aku tuduhana dhuwit kanggo pajeg iku!” Banjur dicaosi dhuwit dinar siji.


Banjur ngandika marang para sakabate: “Panene gedhe, nanging kang derep mung sathithik.


Nanging Gusti Yesus mirsa marang lamise wong-wong mau, banjur ngandika: “Yagene kowe padha nyoba marang Aku? Aku jupukna dhuwit dinar siji, arep Dakdeleng!”


Mulane mangkono awit iku bakal pinunjul ana ing ngarsaning Pangeran, lan bakal ora ngombe anggur utawa liya-liyane kang mendemi, sarta bakal kapenuhan ing Roh Suci wiwit saka ing guwagarbane ibune.


Esuke kang duwe panginepan diwenehi dhuwit rong dinar, sarta diweling: Tiyang punika kula aturi mulasara, bab wragadipun, langkungipun saking samanten, kula ingkang badhe nglintoni, benjing manawi kula wangsul.


“Aku tuduhana dhuwit dinar. Iki gambare sapa lan iki tulisane sapa?” Atur wangsulane kang kadangu: “Gambaripun lan seratanipun Sang Nata Agung.”


Elinga uga, yen wiwit cilik kowe wus wanuh karo Kitab Suci, kang bisa ngolehake kawicaksanan marang kowe lan nuntun kowe marang karahayon marga saka pracaya marang Gusti Kristus Yesus.


Aku tumuli krungu ana swara ing tengah-tengahe makluk papat iku tembunge: “Gandum sataker sadinar, lan sair telung taker sadinar. Ananging aja ngrusakake lenga lan anggur iku.”


Anadene Samuel ngabdi ana ing ngarsane Sang Yehuwah; Samuel iku isih bocah, kang asabuk efod lena.


Nanging wong anom Samuel sangsaya gedhe sangsaya wuwuh oleh sih iya ana ing ngarsane Sang Yehuwah, lan ana ngareping manungsa.


Wong anom Samuel iku ngabdi marang Sang Yehuwah, diawat-awati Imam Eli. Ing nalika samana arang ana pangandikane Sang Yehuwah, malah sanadyan wahyu iya mung kala-kala anane.


Lan sabanjure Sang Yehuwah ngatingali marang Samuel ana ing Silo srana pangandikane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan