Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 20:1 - Kitab Sutji

1 “Anadene Kratoning Swarga iku kena diupamakake wong kang ing wanci esuk umun-umun metu golek wong buruh kanggo kebone anggur.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 20:1
22 Iomraidhean Croise  

Ana maneh pasemon, kang digelarake marang wong-wong mau, pangandikane: “Kratoning Swarga iku upamane kaya wong kang nyebar wiji becik ing pategalane.


Ana maneh pasemon kang digelarake marang wong-wong mau, pangandikane: “Kratoning Swarga iku upamane kaya wiji sawi kang kajupuk lan kasebar dening wong ana ing pategalane.


Pasemon iki uga didhawuhake marang wong-wong mau: “Kratoning Swarga iku upamane kaya ragi kang kajupuk ing wong wadon, kacarubake ing glepung trigu telung taker nganti kemrasukan kabeh.”


“Karodene maneh Kratoning Swarga iku upamane kaya krakad kang ditibakake ing sagara, banjur ngumpulake iwak warna-warna.


Bareng wis padha sarujuke opahe nyadinar sadina, banjur padha dikon menyang ing kebone.


“Nanging kapriye panemumu bab iki: Ana wong duwe anak lanang loro. Kang pambarep diparani sarta dikandhani: Ngger, dina iki kowe nyambuta gawe ana ing kebon anggur.


“Kratoning Swarga iku upamane kaya ratu, kang mahargya pikramane ingkang putra.


Yerusalem, Yerusalem kang mateni para nabi lan mbenturi watu marang wong-wong kang kautus nemoni kowe, wis nganti ping pira anggonKu kapengin nglumpukake anak-anakmu, kaya babon anggone nglumpukake kuthuk-kuthuke ing sangisoring suwiwine, nanging kowe padha ora gelem.


“Ing wektu iku Kratoning Swarga bakal kaupamakake kaya prawan sapuluh, kang mangkat methuk panganten lanang kanthi nggawa diyan.


“Awit bab iku kayadene wong kang arep lelungan banjur ngundangi batur-bature, padha dipasrahi barang darbeke,


“Padha mratobata, amarga Kratoning Swarga wus cedhak!”


Upamane kaya wong lelungan, omahe ditinggal dipasrahake marang para bature, kang siji-sijine padha diwenehi kawajiban dhewe-dhewe sarta juru regol dikon melek.


“Aku iki wit anggur kang sajati, sarta RamaKu iku kang among tani.


Mulane para sadulurku kang kinasih, kowe padha dibakuh, ditanpa gingsir, lan tansah di sregep anggonmu nglakoni ayahane Gusti! Awit kowe padha sumurup, yen ana ing patunggilaning Gusti, kangelanmu mesthi ora muspra.


muga-muga mirantenana kowe kalawan samubarang kabeh kang becik kanggo nindakake karsane, sarta nindakake ana ing antara kita apa sakeparenge, dening Gusti Yesus Kristus. Panjenengane iku kang sayogya kamulyakake nganti salawas-lawase! Amin.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan