Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 2:7 - Kitab Sutji

7 Sang Prabu Herodhes banjur nimbali para pandhita mau kanthi dhedhemitan, padha kadangu genah-genahe wektu katoning lintange;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 2:7
16 Iomraidhean Croise  

Wong iku ngagakake tangane marang para wong kang urip bebarengan karo dheweke kalawan rukun, amarga nerak prajanjiane.


Mulane payo padha golek rekadaya, supaya aja nganti wuwuh akeh maneh lan saupama ana peperangan aja nganti mbiyantu mungsuh kita, sarta merangi kita, banjur minggat saka nagara kene.”


Panjenengane dakdeleng, nanging ora saiki, dakawasake, nanging ora ana ing cedhakan, ana lintang njedhul saka Yakub, ana teken keprabon jumedhul saka ing Israel, iku ngremuk pilingane Moab, sarta nggempur marang sakehing turune Set.


Nalika Gusti Yesus wus miyos ana ing kutha Betlehem ing tanah Yudea, yaiku nalika jumenenge Sang Prabu Herodhes, banjur ana pandhita-pandhita saka ing tanah wetan padha teka ing kutha Yerusalem


Bareng Sang Prabu Herodhes ngertos yen Panjenengane dicidrani dening para pandhita, banget dukane, banjur dhawuh mateni sakehe bocah lanang ing kutha Betlehem salaladane, kang umur rong taun sapangisor, manut wektu anggone angsal katrangan saka para pandhita.


nuli padha didhawuhi menyang ing Betlehem sarta kaweling: “Padha mangkata, titi-priksanen sing tlesih bab Sang Timur iku, dene samangsa wus ketemu, enggal padha ngunjukana uninga marang aku, supaya aku iya bisa mrana ngabekti marang Panjenengane.”


Nanging Sang Feliks, kang wis nguningani temenan bab Margining Pangeran, karsane ngundur prakara iku, pangandikane: “Yen panggedhe prajurit Lisias wis mrene, aku bakal mutus prakaramu.”


Si ula banjur nyemburake banyu kaya kali saka ing cangkeme, disusulake marang wanita mau, supaya kelia ing kali kono.


Awit Sang Prabu nggalih: “Prayoga Mikhal suntrimakake marang Dawud, supaya dadi kalajiret tumrap Dawud lan tangane wong Filisti kareben nglawan dheweke!” Sang Prabu Saul banjur ngandika marang Sang Dawud kang kaping pindhone: “Ing dina iki sira sunpundhut mantu.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan