Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 2:6 - Kitab Sutji

6 Anadene sira, he Betlehem ing tanah Yahuda, sira iku babar pisan ora kuciwa ana ing antarane para kang ngasta paprentahan ing tanah Yahuda, amarga saka sira bakal ana panutan kang miyos, kang bakal ngengon umatingSun Israel.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 2:6
24 Iomraidhean Croise  

Tekene keprabon bakal ora ngalih saka Yehuda, utawa lambanging paprentahan saka ing antarane sikile, nganti tumeka rawuhe Sang Silo, kang bakal disuyudi bangsa-bangsa.


Sampun lami, nalika Sang Prabu Saul ngereh kawula sadaya, panjenengan dalem ingkang mimpin sadaya mobah-mosikipun tiyang Israel. Saha Sang Yehuwah sampun ngandika dhateng panjenengan dalem: Sira kang bakal ngengon umatingSun Israel lan sira kang jumeneng ratu mengku Israel.”


Rama Salma, ramane Betlehem lan Haref, ramane Bet-Gader.


Rama Yehuda iku pancen ngluwihi para sadhereke, malah ana tedhake kang jumeneng ratu, nanging wewenanging pambarep kaparingake marang Rama Yusuf.


saka Betlehem: satus telulikur;


Kayadene pangon Panjenengane anggone ngengen pepanthane, sarta iku padha diklempakake kalawan astane; cempene padha dipangku, embokne padha katuntun kalawan ngatos-atos.


Mulane bangsa iku mung arep ditogake bae nganti tumeka wektune wanita kang pinesthi mbabar putra wus kelakon mbabar, nuli kekarening para sadulure bakal padha bali nunggal karo wong Israel.


Sarta saka Yakub bakal ana wong kang kwasa, kang bakal numpes para kang padha oncat saka ing kutha.”


Nalika Gusti Yesus wus miyos ana ing kutha Betlehem ing tanah Yudea, yaiku nalika jumenenge Sang Prabu Herodhes, banjur ana pandhita-pandhita saka ing tanah wetan padha teka ing kutha Yerusalem


Gusti Yesus banjur nyelaki lan dhawuh mangkene: “Aku wis kaparingan sakabehing panguwasa ing swarga lan ing bumi.


Pangandikane Gusti Yesus maneh marang Petrus kang kapindhone: “Simon, anake Yokanan, apa kowe tresna marang Aku?” Unjuke Petrus: “Inggih Gusti, Paduka mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen wedhus-wedhusKu!”


Amarga manut wirasane Kitab Suci wijile Sang Mesih iku mesthi saka trahe Sang Prabu Dawud.”


Karodene samubarang kabeh wus tinata ing sangisore sampeyane Sang Kristus lan Panjenengane wus kaparingake marang pasamuwan minangka Sesirahing samubarang kang ana.


Panjenengane iku jumeneng dadi sesirahing sarira, yaiku pasamuwan. Panjenengane dadi pambayun, kang ndhisiki wungu saka ing antarane wong mati, mulane kasebut pinunjul piyambak ing antarane samubarang kabeh.


Amarga wus disumurupi dening kabeh wong, manawa Gusti kita iku trah saka Yahuda; dene tumrap taler iki Nabi Musa ora tau mangandikakake apa-apa bab kaimaman.


Bareng malaekat kang kapitu ngungelake kalasangkane, tumuli ing swarga keprungu swara banter padha muni mangkene: “Paprentahan ing donya iku kaasta dening Pangeran kita lan Sang Jebadane, sarta Panjenengane bakal jumeneng Ratu langgeng salawas-lawase.”


lan iku bakal padha direh kalawan teken wesi; sarta wong-wong iku bakal karemuk kaya grabah, – padha kaya kang Ingsun tampeni saka RamaningSun –,


Amarga bakal padha diengen sarta diirid menyang tuking banyu kauripan dening Sang Cempe kang ana satengahing dhampar iku, lan Gusti Allah bakal ngusapi sakehe eluh ing mripate.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan