MATEUS 2:5 - Kitab Sutji5 Unjuke kang padha kadangu: “Wonten ing kitha Betlehem ing tanah Yudea, awit ingkang sampun kaseratan dening nabi makaten: Faic an caibideil |
Sakehing wong kang ana ing gapura dalah para pinituwa banjur padha ngucap: “Inggih kula sami dados seksi, Sang Yehuwah mugi karsaa ngganjar dhateng tiyang estri ingkang badhe manggen wonten ing dalem panjenengan punika, kadadosna sami kaliyan Rakhel tuwin Lea, ingkang kalih-kalihipun sampun sami mbangun umat Israel, panjenengan dipun santosa wonten ing Efrata saha asma panjenengan misuwura wonten ing Betlehem.
Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel: “Sapira lawase anggonira nandhang prihatin, marga saka Saul? Wong iku rak wus Suntampik anggone dadi ratune Israel? Wadhahira sungu isenana lenga lan mangkata. Sira Sunutus menyang ing omahe Isai, wong Betlehem, awit anake ana kang Sunpilih dadi ratu tumrap Ingsun.”