Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 2:4 - Kitab Sutji

4 Sang Prabu banjur nimbali sakehe para pangareping imam lan para ahli Toret bangsa Yahudi, lan padha didangu ana ngendi bakal miyose Sang Kristus iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 2:4
30 Iomraidhean Croise  

padha dadi tetindhihe kuli lan nuntun ing sajrone nindakake pagawean apa bae. Ing antarane para wong Lewi iku ana kang dadi juru tulis, lurah lan jaga-gapura.


Imam Agung Hilkia tumuli ngandika marang Sang Safan, sekretaris nagara: “Kula kala wau manggih kitab Toret wonten ing padalemaning Sang Yehuwah!” Imam Agung Hilkia banjur masrahake kitab iku marang Sang Safan,


Uga sakehe panggedhe ing antarane para imam lan rakyat padha bola-bali anggone ora setya kanthi patrap nindakake sakehe kanisthane bangsa-bangsa liya. Padaleman kang kasucekake dening Pangeran Yehuwah ana ing Yerusalem digawe najis.


Imam Ezra banjur jumeneng sarta mundhut sumpahe para pangarepe imam, para wong Lewi, lan wong Israel sabangsa kabeh, yen bakal padha nglakoni miturut ing tembung iku mau; banjur iya padha sumpah.


Imam Ezra iku budhal saka ing Babil. Panjenengane iku ahli Kitab, putus ing Torete Nabi Musa, peparinge Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel. Lan Sang Prabu maringi apa kang disuwun, amarga astane Pangeran Yehuwah ngayomi panjenengane.


Salu, Amok, Hilkia, lan Yedaya, iku para pangarepe imam kanthi para sadulure, nalika jamane Yesua.


Para raja ing bumi padha siyaga ing perang lan para panggedhe sakuthon arep ngayoni Sang Yehuwah lan Sang Jebadane, pangucape:


Kapriye dene sira wani ngucap: Aku iki wicaksana lan nduweni Torete Sang Yehuwah? Lah, pene juru tulis kang cidra, wus ngowahi dadi goroh.


Marga lambene imam iku isi kawruh lan wong-wong padha golek piwulang saka ing cangkeme, awit imam iku utusane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.


Gusti Yesus banjur ngandika: “Mulane saben ahli Toret kang nampani piwulang bab Kratoning Swarga iku upamane kaya wong kang duwe omah, kang metokake barang anyar lan barang lawas saka ing pasimpenane.”


Bareng Sang Prabu Herodhes miyarsa kang mangkono iku, banget getere, mangkono uga wong sakutha Yerusalem kabeh.


Unjuke kang padha kadangu: “Wonten ing kitha Betlehem ing tanah Yudea, awit ingkang sampun kaseratan dening nabi makaten:


Ewadene bareng para pangareping imam lan para ahli Toret padha weruh mukjijat kang ditindakake sarta bocah-bocah kang padha nguwuh-uwuh ana ing Padaleman Suci: “Hosana konjuk ing Putranipun Sang Prabu Dawud!”, atine jengkel banget,


Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci. Nalika Panjenengane lagi paring piwulang ana ing kono, ana pangareping imam lan pinituwaning bangsa Yahudi kang padha sowan ing ngarsane lan matur pitakon: “Panjenengan tumindak makaten punika kanthi panguwaos ingkang pundi? Saha sinten ingkang maringi panguwaos punika dhateng Panjenengan?”


Ing nalika samana para pangareping imam lan para pinituwaning bangsa Yahudi padha nglumpuk ana ing daleming Imam Agung kang asma Kayafas


Nalika Gusti Yesus isih ngandika, Yudas, yaiku salah sawijining sakabat, teka kanthi wong sagolongan gedhe, kang padha sikep pedhang lan penthung, utusane para pangareping imam lan pinituwaning bangsa Yahudi.


Bareng wis esuk, kabeh pangareping imam lan pinituwaning bangsa Yahudi padha nglumpuk lan mutus, Gusti Yesus kapatrapan paukuman pati.


jalaran anggone mulang kaya kang kagungan panguwasa, ora kaya para ahli Toret.


Gusti Yesus tumuli wiwit mulang marang para sakabate, yen Putraning Manungsa iku kudu nglampahi sangsara akeh, sarta ditampik dening para pinituwa lan para pangareping imam tuwin para ahli Toret, banjur disedani lan sawise telung dina wungu maneh.


Para ahli Toret lan para pangareping imam banjur padha ngudi nyepeng Panjenengane nalika iku uga, amarga padha ngreti, yen dheweke kabeh kang dikarsakake ana ing pasemon iku, nanging padha wedi marang wong akeh.


Nalika samana para pangareping imam lan para ahli Toret padha maju lan ngaturake panggugat-panggugat kang abot.


Yudas banjur teka ing kono kanthi prajurit sapantha lan para tukang jaga Padaleman Suci, kang diutus dening para pangarepe imam tuwin para wong Farisi, padha nggawa ting lan obor sarta gegaman.


Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Kowe iku rak dadi gurune wong Israel, dene kok ora ngreti prakara iku?


Para wong Farisi tumuli padha krungu yen wong akeh padha grenengan kaya mangkono ing bab Panjenengane, mulane para pangareping imam lan para wong Farisi banjur padha kongkonan para tukang jaga Padaleman Suci dikon nyekel Panjenengane.


Para ulama lan para wong Farisi tumuli padha ngajokake wong wadon kang kacekel nalika laku bandrek marang ngarsane.


Mulane banjur dadi rame banget. Ana ahli Toret sawatara saka golongan Farisi kang maju sarta madoni kalawan keras ujare: “Tumrap kula, tiyang punika boten gadhah kalepatan! Bokmanawi wonten roh utawi malaekat ingkang sampun mangandikani piyambakipun.”


Kacarita esuke para pangarepe wong Yahudi lan para pinituwa sarta para ahli Toret padha nganakake parepatan ana ing Yerusalem


Kanthi patrap mangkono wong-wong mau padha nggegerake wong akeh lan para pinituwa tuwin para ahli Toret; tumuli padha ngebyuk marang Sang Stefanus, diglandhang diladekake marang ing ngarsane Pradata Agama,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan