Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 2:3 - Kitab Sutji

3 Bareng Sang Prabu Herodhes miyarsa kang mangkono iku, banget getere, mangkono uga wong sakutha Yerusalem kabeh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 2:3
14 Iomraidhean Croise  

Ing kono panggalihe Sang Nata ing Aram banjur bingung banget, nuli nimbali para punggawane, padha dipangandikani: “Apa sira ora padha bisa caos katrangan marang ingsun, panunggalan kita iku sapa ta kang sakuthon karo ratu ing Israel?”


lan takon-takon: “Ratunipun tiyang Yahudi ingkang nembe miyos punika wonten ing pundi? Margi kula sampun sami sumerep lintangipun wonten ing wetan, dene anggen kula mriki punika badhe sami sujud wonten ing ngarsanipun.”


Sang Prabu banjur nimbali sakehe para pangareping imam lan para ahli Toret bangsa Yahudi, lan padha didangu ana ngendi bakal miyose Sang Kristus iku.


Yerusalem, Yerusalem kang mateni para nabi lan mbenturi watu marang wong-wong kang kautus nemoni kowe, wis nganti ping pira anggonKu kapengin nglumpukake anak-anakmu, kaya babon anggone nglumpukake kuthuk-kuthuke ing sangisoring suwiwine, nanging kowe padha ora gelem.


Kowe bakal krungu swaraning perang utawa kabar-kabar bab perang. Nanging diawas, aja padha kaget, sabab iki kudu kalakon, ewadene iku durung wekasane.


Lah tumuli karone padha nguwuh seru, unjuke: “Paduka kagungan urusan punapa kaliyan kawula, dhuh, Putraning Allah? Punapa rawuh Paduka badhe misakit kawula saderengipun mangsa?”


Lan manawa kowe padha krungu swaraning perang utawa kabar-kabar perang, aja padha kaget, sabab iku kabeh kudu kalakon, ewadene iku isih durung pungkasane.


Wong-wong iku padha nepsu banget, jalaran karone padha mulang marang wong akeh sarta wewarta, yen ana ing Gusti Yesus ana patangen saka ing antarane wong mati.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan