MATEUS 2:23 - Kitab Sutji23 Satekane ing kono, tumuli manggon ing kutha kang aran Nasaret. Kang mangkono iku supaya kayektenana kang kapangandikakake dening para nabi, yen Gusti Yesus bakal kasebut: wong Nasaret. Faic an caibideil |
Para sadherek Israel, kula aturi midhangetaken atur kula punika: Ingkang kula kajengaken inggih punika Gusti Yesus saking Nasaret, satunggaling priya ingkang sampun kapiji dening Gusti Allah saha ingkang sampun katelakaken dhateng panjenengan sadaya kaliyan kasekten-kasekten, tuwin mukjijat-mukjijat sarta pratandha-pratandha ingkang dipun wontenaken dening Gusti Allah lumantar Panjenenganipun wonten ing tengah-tengah panjenengan sadaya, kadosdene ingkang sampun panjenengan uningani.
Banjur nglairake ujar, unjuke: “Dhuh Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, manawi Paduka nggalih dhateng karibedanipun abdi Paduka lan karsa ngengeti kawula saha boten kasupen dhateng abdi Paduka, nanging maringi anak jaler dhateng abdi Paduka punika, kawula badhe ngaturaken lare punika dhateng Sang Yehuwah sajeging gesangipun saha sirahipun boten badhe kagepok ing lading panyukuran.”