Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 2:16 - Kitab Sutji

16 Bareng Sang Prabu Herodhes ngertos yen Panjenengane dicidrani dening para pandhita, banget dukane, banjur dhawuh mateni sakehe bocah lanang ing kutha Betlehem salaladane, kang umur rong taun sapangisor, manut wektu anggone angsal katrangan saka para pandhita.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 2:16
21 Iomraidhean Croise  

tumuli bengok-bengok nimbali abdi-abdine kabeh, sarta dipangandikani: “Delengen! Wong Ibrani iku dilebokake ing panggonanku kene supaya aku padha dianggo dolanan. Iki mau nyedhaki aku, arep awor turu karo aku, nanging aku banjur bengok-bengok sarosaku.


Sang Potifar iya diaturi uninga mangkono, ature: “Abdi tiyang Ibrani ingkang panjenengan lebetaken mriki punika murugi kula badhe dipun sembranani.


Nepsune kenaa ing ipat-ipat, awitdene nepsune iku kebangeten, kenaa ing ipat-ipat brangasane, awitdene iku siya-siya. Padha arep dakpencar ana ing antarane bani Yakub lan daksebar ana ing antarane turune Israel.


Hazael matur: “Punapa sababipun dene bendara kula kok muwun?” Wangsulane Nabi Elisa: “Sabab aku sumurup, manawa kowe bakal nandukake piala kang gedhe banget marang wong Israel: kuthane beteng bakal padha kokobongi, wonge nonoman bakal padha kokpateni kalawan pedhang, bayine bakal padha kokbantingi lan wonge wadon kang ngandheg bakal padha kokbedheli.”


Aku iki dadi pepoyokane pepadhaku, aku kang manawa sesambat marang Gusti Allah banjur disembadani, wong kang utama lan mursid dadi pepoyokan.


Kayadene singa kang nggero utawa bruwang kang nubruk, iya kaya mangkono iku wong duraka kang nguwasani bangsa kang apes.


Wong kang nanggung getihe wong liya, iku bakal terus digawa lumayu tekan ing luwanging kubur. Aja kokeman!


Awit sanyata, Pangeran Yehuwah bakal miyos saka ing padalemane arep ndhawahake paukuman marang para kang manggon ing bumi marga saka kaluputane, sarta bumi ora bakal ndhelikake maneh getih kang kawutahake ing kono, ora nutupi maneh wong-wong kang padha mati pinatenan ana ing kono.


Enggal-enggal anggone nglakoni piala, lan enggal-enggal arep ngilekake getihe wong kang ora luput; rancangane iku pangrantaming ambek siya, tuwin menyang ngendi bae parane mesthi ninggal karusakan lan gempuran.


Ing kono Sang Prabu Nebukadnezar kalawan duka lan bendu dhawuh, supaya Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego disowanake. Bareng wus padha sowan ing ngarsane Sang Prabu,


Bakal jumedhul gumuruhing perang ana ing antarane bangsanira, lan sakehe betengira bakal kagempur, kaya Salman anggone nggempur Bet-Arbel ing kalane campuh perang, biyung dalah anak-anake padha diremuk.


Calathune Bileam marang kuldine: “Marga aku kokgawe geguyon, saupama aku nyekela pedhang, masthi kowe dakpateni saiki uga.”


Ing kono Sang Prabu Balak banjur tuwuh dukane marang Bileam klawan ngremet-remet asta, tumuli ngandika marang Bileam: “Enggonku nimbali kowe iku dakpurih ngipat-ipati mungsuhku, lah kok malah kokberkahi rambah kaping telu;


Nalika Gusti Yesus wus miyos ana ing kutha Betlehem ing tanah Yudea, yaiku nalika jumenenge Sang Prabu Herodhes, banjur ana pandhita-pandhita saka ing tanah wetan padha teka ing kutha Yerusalem


Ing kono kayektenan kang kapangandikakake dening Nabi Yeremia:


Sang Prabu Herodhes banjur nimbali para pandhita mau kanthi dhedhemitan, padha kadangu genah-genahe wektu katoning lintange;


Pethite nyered sapratelone lintang-lintang ing langit, banjur ditibakake marang bumi. Naga mau mapan ana ing ngarepe wanita kang arep nglairake iku, sedyane arep nguntal Putrane sang wanita, samangsa miyos.


Anadene aku weruh wong wadon mau mendem getihe para suci lan para seksine Gusti Yesus. Aku gumun banget nalika ndeleng iku mau.


Dhelila banjur matur marang Sang Simson: “Kula punika panjenengan damel gegujengan saestu, kula panjenengan apusi. Lah sapunika kula panjenengan blakani ta punapa ingkang kenging kangge mbesta panjenengan?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan