Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 2:13 - Kitab Sutji

13 Sapungkure para pandhita mau lah tumuli ana malaekating Pangeran, kang ngatingali marang Yusuf ing sajroning pangimpen lan dhawuh: “Tangia, Sang Timur lan kang ibu ungsekna menyang ing tanah Mesir, sarta manggona ing kana nganti Ingsun paring pangandika marang sira; mulane mangkono awit Herodhes bakal nggoleki Sang Timur arep disedani.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 2:13
29 Iomraidhean Croise  

Nanging Sang Hadad oncat, bebarengan karo punggawa sawatara, abdine kang rama, lan ngungsi menyang Mesir; anadene Sang Hadad iku isih timur banget.


Ana ing Gibeon iku Sang Yehuwah ngatingal marang Sang Prabu Suleman ing sajroning supena ing wayah bengi. Gusti Allah ngandika: “Nyuwuna apa kang bakal Sunparingake marang sira.”


Sajroning pangimpen, sajroning wahyu ing wayah bengi, manawa wong turu kepati, manawa leyeh-leyeh ing paturon;


minangka pepalang tumrap pratingkahe lan kanggo ngilangi gumunggunge,


Sang Prabu Pringon tumuli dhawuh marang para kawulane kabeh: “Sakehe anake wong Ibrani kang lair lanang padha cemplungna ing bengawan Nil, dene kang wadon iku uripana.”


Nanging bareng lagi duwe gagasan mangkono iku, tumuli ana malaekating Pangeran ngatingali sajroning pangimpen, dhawuhe: “He, Yusuf, tedhake Dawud, aja sumelang anggonmu ngepek Maryam dadi bojomu, awit Putra kang kabobotake iku marga saka Roh Suci,


Manawa kowe dikaniaya ana ing sawijining kutha, padha ngungsia menyang kutha liyane; awit satemene Aku pitutur marang kowe: Sadurunge kowe ndlajahi kutha-kutha Israel kabeh nganti kemput, Putraning Manungsa wus rawuh.


Sawise mangkono, sarehne padha tampa wangsiting Pangeran ing sajroning pangimpen, supaya aja bali sowan ing ngarsane Sang Prabu Herodhes, mulane mulihe menyang tanahe padha metu ing dalan liyane.


Yusuf tangi lan ing bengi iku uga Sang Putra dalah kang ibu diajak ngungsi menyang ing tanah Mesir,


Bareng Sang Prabu Herodhes ngertos yen Panjenengane dicidrani dening para pandhita, banget dukane, banjur dhawuh mateni sakehe bocah lanang ing kutha Betlehem salaladane, kang umur rong taun sapangisor, manut wektu anggone angsal katrangan saka para pandhita.


Ananging bareng krungu warta, yen Pangeran Arkhelaus nggentosi kang Rama Sang Prabu Herodhes jumeneng nata ana ing tanah Yudea, dadi sumelang yen mranaa. Nanging sarehne tampa wangsiting Allah ing sajroning pangimpen, banjur ngener menyang ing tlatah tanah Galilea.


Atur wangsulane: “Kornelius satunggaling opsir ingkang manahipun mursid saha ngabekti dhateng Gusti Allah punapadene ingkang sampun kondhang sae wonten ing antawisipun bangsa Yahudi sadaya, sampun tampi wangsiting Allah lumantar malaekat suci, supados ngaturi rawuh panjenengan dhateng ing griyanipun saha mirengaken punapa ingkang badhe panjenengan ngandikakaken.”


Sapengkere malaekat kang mangandikani mangkono mau, Kornelius banjur ngundang bature loro tuwin prajurit siji kang mursid, panunggalane kang tansah tetunggalan kalawan dheweke,


Bareng wis enget wewentehan, Rasul Petrus nuli ngunandika: “Saiki aku ngreti temenan, yen Gusti wus ngutus malaekate sarta ngluwari aku saka ing astane Sang Prabu Herodhes lan saka ing samubarang kabeh, kang dikarepake dening wong Yahudi.”


Dumadakan ana sawijining malaekate Pangeran jumeneng ing sacelake Rasul Petrus lan sel kono kapadhangan ing cahya. Malaekat mau banjur nyeblek Rasul Petrus, supaya wungu kalawan ngandika: “Enggal tangia!” Rantene nuli ucul saka ing astane Rasul Petrus.


Lurah pakunjaran banjur nerusake dhawuh mau marang Rasul Paulus, ature: “Para pangagenging kitha sampun utusan, supados panjenengan sami kaluwaran. Awit saking punika panjenengan sami kula aturi tindak lan pangkat kanthi wilujeng!”


Nanging bareng bengi ana malaekate Pangeran kang ngengakake lawang-lawange pakunjaran mau lan banjur ngirid metu para rasul, sarta ngandika:


Ratu punika ngempakaken paekan dhateng bangsa kita, para leluhur kita dipun siya-siya saha dipun purih mbucali bayi-bayinipun, supados bangsa kita punika sampun ngantos tumangkar.


manawa tlapakane para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah, Gusti Allahing salumahe bumi mandheg ana ing banyuning bengawan Yarden, banyune dadakan banjur bakal piyak, banyune kang saka ing dhuwur temah bakal mandheg anggone mili dadi bendungan.”


Nanging para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah iku padha mandheg ana ing gasikan ing tengahing bengawan Yarden; dene wong Israel sabangsa kabeh padha nyabrang ana ing gasikan, nganti kabeh wus padha nyabrang ing bengawan kono.


Para imam kang padha ngusung pethi mau padha terus ngadeg ana ing satengahing bengawan Yarden, nganti wus rampung kalakon kabeh apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Senapati Yusak, kang kudu kaprentahake marang bangsa iku, condhong karo apa saprentahe Nabi Musa marang Sang Yusak.


Bareng para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah wus padha mentas saka ing tengahe bengawan Yarden lan lagi bae tlapakane ngancik ing dharatan, banyune bengawan Yarden banjur bali ing panggonane, sarta mili kaya ing maune ngluberi ing pinggire kabeh.


Sang wanita tumuli kaparingan suwiwi garudha gedhe sapasang, supaya mabur menyang ing panggonane, iya iku ing pasamunan, ana ing kono wanita iku diopeni, adoh saka papane si ula, lawase samangsa lan rong mangsa tuwin satengah mangsa.


Pethite nyered sapratelone lintang-lintang ing langit, banjur ditibakake marang bumi. Naga mau mapan ana ing ngarepe wanita kang arep nglairake iku, sedyane arep nguntal Putrane sang wanita, samangsa miyos.


Dene sang wanita mau mlayu menyang pasamunan, ing panggonan kang wus dicawisake dening Gusti Allah, supaya diopeni ana ing kono lawase sewu rong atus sawidak dina.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan