Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 2:11 - Kitab Sutji

11 Banjur padha lumebu ing omah lan ndeleng Sang Timur karo Maryam kang ibu, nuli padha sumungkem sujud marang Panjenengane. Banjur padha mbukaki pethine raja-brana, Panjenengane disaosi pisungsung arupa mas, menyan lan blendok mur.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 2:11
33 Iomraidhean Croise  

Ing kono pangandikane kang rama marang para putra: “Iya wis ta, manawa mangkono, kowe padha nglakonana mangkene: Goleka pametune tanah kene kang becik dhewe, wadhahana ing bagormu, gawenen atur-atur marang panggedhe Mesir mau, kayata: Rasamala sathithik, anggi-anggi lan blendok lod, kemiri lan woh saked.


Sang Prabu Suleman banjur kacaosan emas satus rong puluh talenta, anggi-anggi akeh banget lan sesotya kang larang-larang; ora tau ana anggi-anggi maneh kang teka kang samono akehe, kaya kang dicaosake dening ratu ing nagara Syeba marang Sang Prabu Suleman mau.


Rawuhe ing Yerusalem kadherekake ing wadya-bala kang gedhe banget, kalawan unta kang padha diemoti bumbu-bumbu, emas akeh tuwin sesotya kang larang-larang. Bareng wus rawuh ana ing ngarsane Sang Prabu Suleman banjur ngaturake isining panggalihe kabeh.


supaya Panjenengane aja paring deduka, temah kowe tumpes ana ing dedalan, amarga bebendune gampang banget anggone mulad-mulad. Rahayu sakehing wong kang ngungsi marang Panjenengane!


Panjenengan dalem resep dhateng kaadilan saha gething dhateng duraka; mila Gusti Allah, Allah paduka sampun njebadi panjenengan dalem kalayan lisah minangka tandhaning kabingahan nglangkungi para mitra golongan dalem.


para raja ing Tarsis kaliyan ing pulo-pulo sami nyaosana pisungsung, para ratu ing Syeba lan ing Seba sami saosa bulu-bekti!


Mugi sugenga Sang Prabu! Mugi kasaosana pisungsung mas wedalan ing tanah Syeba! Mugi tansah kadongakna, saha ing sadinten-dinten mugi kaparingana berkah!


Lumebua, payo padha tumungkul sujud, padha jengkeng ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, kang nitahake kita,


“Sira njupuka bumbu-bumbu pilihan, blendok mur cuwer limang atus sekel, lan manis jangan kang wangi bobote separone iku, dadi rong atus seket sekel, dringo wangi rong atus seket sekel,


Sarta maneh pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira njupuka wangen-wangen, yaiku: tlutuh damar, kulit kayu lokan lan blendok rasamala, wangen-wangen iku kacampura kalawan menyan tulen, siji-sijine padha akehe.


Lah apa ta iku kang kumelun saka ing ara-ara samun kaya kumebuling kukus kasaput ing wangining mur lan menyan lan uwur wangi warna-warna saka wong dagang?


Unta kang akeh cacahe bakal ngebaki wilayahira, unta-unta enom saka ing Midian lan Efa. Iku bakal padha teka saka ing Syeba, kalawan momot emas lan menyan, sarta martakake pakaryaning Sang Yehuwah kang misuwur.


nuli anaa siji kang njupuk kurban dhaharan sagegem karo lengane, lan sakehe menyan kang tumumpang ing kurban dhaharan, iku kabeh banjur diobonga ana ing misbyah, satemah gandane ngremenake minangka pangenget-enget ana ing ngarsane Sang Yehuwah.


Awitdene saka ing keblat pletheke srengenge, tekan keblat surupe, asmaningSun luhur ana ing antarane para bangsa, sarta ing saenggon-enggon asmaningSun kasaosan dupa lan kurban dhaharan kang suci, awit luhur asmaningSun ana ing antarane para bangsa, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi. –


piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa,


Piring mas rolas mau padha kebak isi dupa, bobote piringe nyepuluh sekel, ditimbang manut sekel suci, mase sakehe piring mau bobot satus rong puluh sekel.


Anadene miyose Gusti Yesus Kristus iku sejarahe mangkene: Nalika Maryam kang ibu lagi pacangan karo Yusuf, sadurunge tunggal sapaturon, tinemu wus ngandheg marga saka Sang Roh Suci.


Nalika Gusti Yesus lagi ngandika marang wong akeh iku, ingkang ibu lan sadherek-sadhereke padha ana ing jaba, ngarah ketemu karo Panjenengane.


Wong saisine prau padha sujud ana ing ngarsane lan matur: “Paduka punika saestu Putraning Allah.”


Bareng weruh lintang mau, padha banget bungahe.


lan takon-takon: “Ratunipun tiyang Yahudi ingkang nembe miyos punika wonten ing pundi? Margi kula sampun sami sumerep lintangipun wonten ing wetan, dene anggen kula mriki punika badhe sami sujud wonten ing ngarsanipun.”


Banjur enggal-enggal mangkat, tumuli ketemu karo Maryam lan Yusuf, apadene Sang Jabang-bayi, kang sumeleh ing pamakanan.


Nalika iku dheweke iya mrono lan ngunjukake panuwun marang Gusti Allah, sarta nyaritakake bab Sang Timur mau marang sakabehing wong kang padha nganti-anti marang pangluwarane Yerusalem.


Apadene Nikodhemus uga teka ing kono. Iya iku kang sakawit sowan ing ngarsane Gusti Yesus ing wayah bengi. Nikodhemus nggawa caruban lenga mur lan lenga garu, bobote watara seket kati.


Aku banjur nyungkemi sampeyane kang ngandika mau arep sujud, nanging tumuli dipangandikani: “Aja mangkono! Aku iki padha kaya kowe lan para sadulurmu, kang nduweni paseksene Gusti Yesus. Sujuda marang Gusti Allah! Awit mungguh paseksene Gusti Yesus iku rohing pamedhar wangsit.”


Nalika Panjenengane mundhut gulungan kitab mau, makluk papat lan pinituwa patlikur iku tumuli sumungkem ana ing ngarsane Sang Cempe, siji-sijine nyekel clempung lan bokor mas, kebak isi menyan; yaiku pandongane para Suci.


Nanging ana wong dursila kang padha ngucap: “Wong iku mangsa bisaa mitulungi kita!” Iku padha ngremehake lan ora ngaturi pisungsung. Ewadene Sang Prabu Saul api-api ora miyarsa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan