1 Nalika Gusti Yesus wus miyos ana ing kutha Betlehem ing tanah Yudea, yaiku nalika jumenenge Sang Prabu Herodhes, banjur ana pandhita-pandhita saka ing tanah wetan padha teka ing kutha Yerusalem
Nanging para putra kang patutan saka garwa ampeyan mau padha diparingi ganjaran, lan banjur didhawuhi lunga, nalika panjenengane isih sugeng, kapisah saka kang putra Iskak, parane mangetan menyang Tanah Wetan.
Bareng wayah esuk panggalihe judheg, banjur utusan nimbali para sarjana lan para wasis satanah Mesir, iku tumuli padha dipangandikani bab supenane, nanging siji bae ora ana kang bisa nerangake tegese.
Tekene keprabon bakal ora ngalih saka Yehuda, utawa lambanging paprentahan saka ing antarane sikile, nganti tumeka rawuhe Sang Silo, kang bakal disuyudi bangsa-bangsa.
Ing wektu iku trubusan ing oyoding Isai bakal jumeneng dadi gendera tumrap para bangsa; kang bakal kaupaya dening para suku bangsa sarta padalemane bakal dadi mulya.
Mulane bangsa iku mung arep ditogake bae nganti tumeka wektune wanita kang pinesthi mbabar putra wus kelakon mbabar, nuli kekarening para sadulure bakal padha bali nunggal karo wong Israel.
Bareng Sang Prabu Herodhes ngertos yen Panjenengane dicidrani dening para pandhita, banget dukane, banjur dhawuh mateni sakehe bocah lanang ing kutha Betlehem salaladane, kang umur rong taun sapangisor, manut wektu anggone angsal katrangan saka para pandhita.
Nalika jamane Sang Prabu Herodhes, nata ing tanah Yudea, ana sawijining imam, jenenge Zakharia, kalebu golongan Abia. Bojone uga trahe Harun, jenenge Elisabet.
Kacarita sapengkere para malaekat menyang ing swarga, para pangon mau padha sapocapan mangkene: “Ayo, padha menyang ing Betlehem, ndeleng apa sing wis kalakon ing kana, kaya sing wis dipangandikakake dening Pangeran marang kita.”