Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 19:9 - Kitab Sutji

9 Malah Aku pitutur marang kowe: Sing sapa megat rabine, liyane jalaran saka laku jina lan banjur rabi liyane, iku dadi laku bandrek.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 19:9
18 Iomraidhean Croise  

Nanging Gusti Allah ngetingali marang Sang Prabu Abimelekh ing sajroning pasupenan lan ngandika: “Lah sira mesthi bakal mati marga saka wong wadon kang sira jupuk iku, sabab iku wus duwe bojo.”


Sarta maneh panjenengane yasa tengger-tengger pangurbanan ana ing gunung-gunung ing tanah Yehuda. Wong kang padha manggon ing Yerusalem padha dibujuk supaya laku jina lan wong Yehuda padha disasarake.


Pangandikane: “Manawa ana wong megat rabine, wong wadon mau banjur lunga ninggal dheweke lan dadi rabine wong liya, apa iya bojone kang dhisik mau mbaleni wong wadon iku? Nagara iku rak wus tetep najis? Sira wus laku jina karo bedhangan akeh lan nedya ngulihi Ingsun? – mangkono pangandikane Sang Yehuwah. –


Disumurupi, manawa marga saka anggone laku jina Ingsun wus megat Israel, kang murtad iku lan Sunparingi layang pegat; sanadyan mangkono Yehuda, sadulure wadon kang ora setya iku, ora wedi, nanging malah uga banjur laku jina.


“Nanging sira ngendelake kaendahaning warnanira lan banjur dadi wanita tunasusila marga saka kondhangira iku, sarta anggonira dadi wanita tunasusila iku sira tawak-tawakake marang angger wong kang liwat.


Tumindakira kang nistha iku sira wuwuhi sarana panggawenira kang mangkono iku karo nagara dagang Kasdim, nanging iya meksa durung marem.


Ingsun nuli tindak langkung lan Ingsun ningali sira, lah sira wus tumeka ing titimangsanira birai. Ingsun banjur njereng pangagemaningSun Sunkemulake marang sira, wewadinira Suntutupi. Ingsun nganakake prajanjian kalawan supaos karo sira – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah – mulane sira wus dadi kagunganingSun.


Para sakabat tumuli padha munjuk: “Manawi makaten kawontenanipun tiyang sesemahan, langkung sae boten emah-emah.”


Gusti Yesus ngandika: “Marga saka wangkoting atimu, Musa ngidini kowe megat bojomu, nanging wiwitan mula ora mangkono.


Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa megat bojone ora jalaran saka laku jina, iku ndadekake bojone laku jina lan sing sapa ngrabeni wong wadon mau, dadi laku jina.”


Saben wong kang megat rabine, banjur rabi liyane, iku dadi laku jina; lan sing sapa ngrabeni wong wadon kang dipegat dening sing lanang mau, iku iya laku jina.”


Pancen wong-wong padha krungu, yen ing antaramu ana kang laku jina, malah patrape laku jina mau, ora tau kalakon ana ing antarane para bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah, yaiku ana wong kang ngalap somahe bapakne.


Wong wadon somahan iku kecencang salawase bojone isih urip. Nanging yen bojone wus tinggal-donya, wong wadon mau wenang neningkahan maneh karo sapa bae kang dikarepake, anggere wong kang pracaya.


Kang wadon ora nguwasani badane dhewe, nanging kang lanang. Mangkono uga kang lanang iya ora nguwasani badane dhewe, nanging kang wadon.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan