Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Sira padha ngadhanga ana ing dedalan lan ngawasna takokna dalan-dalan kang kuna-kuna, endi kang becik, liwatana, sarana mangkono nyawanira bakal oleh katentreman. Nanging wong iku padha ngucap: Aku padha emoh liwat ing kono!
Atine padha diatosake kaya inten, supaya aja nganti krungu marang piwulang lan pangandika kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi kalawan Rohe lumantar para nabine kang dhisik, temah padha kataman bebendune Sang Yehuwah kang ngedab-edabi.
Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Wis ta, cikben, amarga iya mangkono iku patute Aku lan kowe padha netepi sakehe kabeneran.” Nabi Yokanan tumuli sumarah.
Dhemite nuli padha darbe panyuwun marang Panjenengane, unjuke: “Manawi kawula sami Paduka dhawuhi kesah, keparenga kawula manjing ing babi sapantha punika.”
Sawuse mangkono Gusti Yesus ngatingal marang sakabat sawelas, nalika lagi padha mangan, sarta banjur padha ditutuh bab cupeting pangandele lan dableging atine, dene kok padha ora ngandel marang critane wong-wong kang wis padha ndeleng Panjenengane sawuse wungu.