Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 19:7 - Kitab Sutji

7 Unjuke wong-wong Farisi mau: “Manawi makaten, punapaa dene Nabi Musa dhawuh supados nyukani serat pegat, manawi tiyang megat ingkang estri?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 19:7
9 Iomraidhean Croise  

Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Endi ta layange pegat ibunira tandhane manawa wus Suntundhung? Utawa panunggalane kang padha ngutangi Ingsun sapa kang wus tau Sunedoli sira? Lah marga saka kasalahanira dhewe sira wus padha kaedol lan marga saka panerakira dhewe ibunira kausir.


Disumurupi, manawa marga saka anggone laku jina Ingsun wus megat Israel, kang murtad iku lan Sunparingi layang pegat; sanadyan mangkono Yehuda, sadulure wadon kang ora setya iku, ora wedi, nanging malah uga banjur laku jina.


Awit Ingsun sengit marang pegatan, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel – uga wong kang nutupi panganggone klawan pangroda-peksa – mangkono dhawuhe Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. Mulane dingati-ati lan aja nindakake kaculikan.


Sarehne Yusuf bojone iku wong mursid sarta ora gelem mirangake Maryam ana ing ngarepe wong akeh, mulane sumedya medhot pepacangane kanthi sidheman.


Mulane wis mari dadi loro, mung siji. Awit saka iku, apa kang wus katunggalake dening Allah, ora kena kapisah dening manungsa.”


Gusti Yesus ngandika: “Marga saka wangkoting atimu, Musa ngidini kowe megat bojomu, nanging wiwitan mula ora mangkono.


Uga ana pangandika mangkene: Sing sapa megat bojone, kudu menehi layang pegat.


Atur wangsulane wong-wong mau: “Nabi Musa marengaken megat, nanging kedah nyukani serat pegat.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan