Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 19:6 - Kitab Sutji

6 Mulane wis mari dadi loro, mung siji. Awit saka iku, apa kang wus katunggalake dening Allah, ora kena kapisah dening manungsa.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 19:6
10 Iomraidhean Croise  

kang ninggal bojone jaka-lara, sarta lali marang prasetyane Gusti Allah;


Kowe banjur padha takon: “Apa sababe?” Awit Pangeran Yehuwah wus jumeneng dadi seksi ing antarane kowe lan somahmu jaka-lara kang kokcidrani, mangka iya iku mitramu, lan somahmu tunggal saprajanjian.


Awit Ingsun sengit marang pegatan, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel – uga wong kang nutupi panganggone klawan pangroda-peksa – mangkono dhawuhe Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. Mulane dingati-ati lan aja nindakake kaculikan.


Lan pangandikane: Mulane wong lanang iku kudu ninggal bapa biyunge sarta banjur manunggal karo rabine, temah loro-lorone dadi daging siji.


Unjuke wong-wong Farisi mau: “Manawi makaten, punapaa dene Nabi Musa dhawuh supados nyukani serat pegat, manawi tiyang megat ingkang estri?”


Kang iku apa kang wis didadekake siji dening Allah iku, ora kena dipisah dening manungsa.”


Sabab wong wadon iku kecencang ing angger-angger marang sing lanang, sasuwene sing lanang iku isih urip, nanging manawa sing lanang wis mati, wong wadon mau uwal saka ing angger-angger kang nancang mau.


Mangkono uga para wong lanang padha kawjiban tresna marang bojone kaya marang awake dhewe: Sing sapa tresna marang bojone iku awake dhewe kang ditresnani.


Nikah iku ajenana sarta aja njemberake paturon, sabab wong kang padha laku jina lan bandrek iku bakal dipatrapi dening Gusti Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan