Apa dudu Gusti Allah kang asipat sawiji kang nitahake wong-wong iku dadi daging lan roh? Sarta apa kang dikarsakake ing patunggalan mau? Turun kang saka Gusti Allah! Mulane jaganen awakmu, aja pisan-pisan nyidrani marang somahmu jaka-lara!
Pangandikane Gusti Yesus: “Apa kowe durung tau maca ing Kitab Suci mangkene: Watu kang ditampik dening tukang-tukang gawe omah, iku wis dadi watu kang baku ana ing pojok. Kadadean iki saka ing Pangeran, sarta elok ana ing pandeleng kita.
Lan uga bab tangine wong mati, apa kowe ora maca ing kitab Musa, bab grumbul eri, anggone Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa: Ingsun iki Allahe Abraham, Allahe Ishak, lan Allahe Yakub?
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa kowe durung tau maca apa kang ditindakake dening Senapati Dawud, nalika karo para pandhereke padha nandhang kakurangan lan kaluwen,
Gusti Yesus tumuli paring wangsulan, pangandikane: “Apa kowe padha maca bab apa kang katindakake dening Senapati Dawud sapandhereke kabeh nalika keluwen,