Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 19:12 - Kitab Sutji

12 Ana wong kang ora bisa omah-omah, awit wiwit lair saka ing guwa-garbane ibune, kaanane wis kaya mangkono lan ana wong kang didadekake mangkono dening wong liya lan ana maneh kang gawe awake dhewe mangkono saka karepe dhewe marga saka Kratoning Swarga. Sing sapa bisa ngreti, supaya mangretia.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 19:12
8 Iomraidhean Croise  

Lan turunira kang bakal mijil saka sira bakal ana kang kajupuk ing wong didadekake priyagung ana ing kratone ratu ing Babil.”


Nanging pangandikane: “Ora kabeh wong ngreti marang kandhaKu, mung kang wus kaparingan kanugrahan.


Tumuli ana wong kang padha nyowanake bocah cilik-cilik marang ngarsane Gusti Yesus, supaya ditumpangana asta sarta didongakake; nanging banjur padha disrengeni dening para sakabat.


Nanging aku, ora tau migunakake wewenang iku mau siji-sijia. Anggonku nulis kabeh iki, ora supaya aku ditanggapana mangkono uga. Sabab aku milaur mati katimbang karo…! Temenan, gumunggungku iki ora bisa dibatalake dening sapa bae!


Apa aku ora duwe wewenang ngajak wong wadon Kristen minangka somah ing sajroning lakuku, padha kaya para rasul liyane lan para sadhereke Gusti apadene Kefas?


Yaiku wong kang ora padha njemberake awake karo wong wadon, amarga padha murni kaya prawan. Iku kang padha ndherekake Sang Cempe ing satindak-tindake. Yaiku kang padha katebus saka ing antarane manungsa minangka kurban wiwitan sumaos marang Gusti Allah lan marang Sang Cempe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan