MATEUS 17:4 - Kitab Sutji4 Petrus banjur matur marang Gusti Yesus: “Gusti, iba saenipun, bilih kawula sadaya wonten ing ngriki. Manawi Paduka marengaken, kawula badhe damel pondhokan tetiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa saha satunggalipun malih kagem Nabi Elia.” Faic an caibideil |
Kocapa, bareng priya loro mau lagi padha arep mundur saka ing ngarsane, Petrus munjuk marang Gusti Yesus: “Guru, kawula sadaya sami rumaos begja sanget wonten ing ngriki. Mugi kawula sami kalilana sapunika damel tarub tiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa, satunggalipun kagem Nabi Elia.” Nanging Petrus ora ngreti apa kang diaturake iku.
Dhuh Rama, ingkang dados pikajeng Kawula, Kawula wontena ing pundi kemawon, tiyang-tiyang punika tansah nunggila kaliyan Kawula, inggih punika tiyang-tiyang ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula punika, supados sami nyawang dhateng kamulyan Kawula peparing Paduka. Awit Paduka ngasihi Kawula wiwit saderengipun jagad tinalesan.