4 Jinis kang ala lan ora setya iki njaluk pratandha, nanging bakal ora kaparingan kajaba mung pratandhane Nabi Yunus.” Gusti Yesus banjur tindak nilar wong-wong mau.
Ing kono pangandikane Sang Yehuwah: “RohingSun ora bakal salawase tetunggalan karo manungsa, amarga mung awujud daging, mulane ing sabanjure umure mung bakal kari satus rong puluh taun.”
Sanadyan padha ngopeni anak-anake nganti gedhe, mesthi Sundadekake ora duwe anak, satemah ora ana manungsa maneh. Lah, bilai uga wong-wong iku samangsa wus padha Suntilar!
Kacarita marga saka panuntuning Yehuwah nuli ana iwak gedhe kang teka lan nguntal marang Nabi Yunus, sarta Nabi Yunus ana ing sajroning wetenge iwak mau lawase telung dina telung bengi.
Sajroning panggalih Gusti Yesus ngesah, banjur ngandika: “Yagene jinis iki kok njaluk pratandha? Aku pitutur marang kowe, satemene jinis iki babar pisan ora bakal kaparingan pratandha.”
Sabab sing sapa isin marga saka Aku lan marga saka tembung-tembungKu ana ing ngarepe jinis kang ora setya lan dosa iki, Putraning Manungsa iya bakal lingsem marga saka wong iku, manawa besuk rawuh ngagem kamulyane Ingkang Rama, ginarebeg ing para malaekat suci.”
Nanging bareng wong-wong iku padha madoni lan nyenyamah, panjenengane nuli ngetabake lebu kang ana ing pangagemane tuwin ngandika: “Getihmu nempuha marang awakmu dhewe; aku resik, ora luput. Wiwit saiki aku bakal marani bangsa-bangsa liya.”
Tuwin kalawan pangandika-pangandika liyane akeh maneh panjenengane paring paseksen kang sanyata marang wong-wong kabeh iku sarta padha diparingi pitutur, pangandikane: “Sami kula aturi sumingkir saking jinis ingkang kablinger punika.”