Lah dangunipun umur kawula punika sampun Paduka temtokaken namung sawatawis tebah; saha gesang kawula punika kados barang ingkang kothong wonten ing ngarsa Paduka, pancen saben tiyang punika namung satunggaling bab ingkang tanpa gina. (Selah)
Sira aja nyebut nyawiyah asmaning Yehuwah Gusti Allahira, awitdene Pangeran Yehuwah mesthi mastani luput marang sadhengah wong kang nyawiyah marang asmane.
Sarta Pangeran wus ngandika mangkene: “Ing sarehne bangsa iki sowan kalawan cangkeme lan ngluhurake Ingsun kalawan lambene, mangka atine ngedohi Ingsun, tuwin anggone ngabekti marang Ingsun iku mung marga saka prentahing manungsa kang diapalake,
Ingsun iya bakal nandukake iki marang sira, yaiku Ingsun bakal nekakake pagiris marang sira, watuk sarta panastis, kang nganti ngrusak mripat, lan nyawanira nglambrang; tanpa guna anggonira padha nyebar wijinira, marga pametune bakal dipangan dening mungsuhira nganti entek.
Celathunira mangkene: “Ngabekti marang Gusti Allah iku ora ana gunane. Pituwase apa ta anggonku netepi pepakone, sarta lumaku kalawan manganggo bagor ana ing ngarsane Yehuwah Gustine sarwa dumadi?
Iya Injil iku kang dadi margane kowe padha kapitulungan rahayu, anggere kowe padha mantep anggonmu ngugemi, kaya kang wus dakwartakake marang kowe – kajaba ta yen anggonmu padha manjing pracaya iku mung nglaha bae.
utawa ngelengake dongeng lan sarasilah kang ora ana uwis-uwise, kang mung ngolehake bab-bab kang mung dadi rembug thok, sarta dudu tatanan kaslametan kang diparingake dening Gusti Allah sajroning pracaya.
Kowe aja padha nganti kena diblasukake dening piwulang warna-warna liyane. Amarga sing becik iya iku manawa atimu kasantosakake kalawan sih-rahmat, sarta ora kalawan pangan warna-warna kang ora maedahi marang wong kang padha nuruti marang aturaning pangan kang kaya mangkono iku.
Aku pratela marang saben wong kang ngrungokake ing pangandika wedharing wangsite kitab iki: “Manawa ana wong kang muwuhi apa-apa ing pangandika iki, Gusti Allah mesthi bakal muwuhi wewelak marang dheweke padha kaya kang katulisan ing kitab iki.
Maune Sang Dawud wus ngandika: “Tanpa guna anggonku padha ngayomi bandhane wong iku ana ing pasamunan, nganti ora kelangan apa-apa, kabecikanku kok diwales piala.