UmatingSun sirna marga ora wanuh marang Allah, amarga sira kang emoh wanuh, mulane sira Suntampik dadi imamingSun, lan sarehne sira iku ngungkurake piwulange Gusti Allahira, mulane Ingsun uga bakal nyingkur marang anak-anakira.
Ewadene kandhamu: sing sapa kandha marang bapa utawa biyunge: Punapa ingkang dados gadhahan kula, ingkang kaginakaken kangge ngopeni panjenengan, punika sampun kangge kurban katur ing Pangeran,
Manawa ana wong lanang utawa wadon kang pracaya, kang brayate ana randhane, iku dibiyantonana, supaya ora dadi rereksaning pasamuwan, satemah pasamuwan bisa rumeksa marang para randha kang pancen kapiran.
Dene manawa ana wong kang ora mikir marang kulawangsane, apamaneh brayate, iku wis nyingkur pracayane lan luwih ala katimbang karo wong kang ora pracaya.