3 Nanging paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau: “Yagene kowe kok uga padha nerak angger-anggere Gusti Allah marga saka anane adat-tata-caramu dhewe?
Pranatan-pranatan mau sanadyan ing semu kebak isi kawicaksanan, nganggo pangibadah rerekane dhewe, kayata: andhap-asor, nyiksa awak, iku ora ana paedahe kajaba mung kanggo pamareming urip kadonyan.
Diprayitna, aja nganti ana kang nawan kowe nganggo ngelmu rerekan lan piwulang palsu kang tanpa isi manut wulange ila-ila lan roh-rohing jagad, kang ora manut marang Gusti Kristus.