Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 15:2 - Kitab Sutji

2 “Punapa sababipun, dene sakabat Panjenengan kok sami nerak adat-tatacaranipun para leluhur kita? Manawi badhe nedha kok sami boten wisuh tangan rumiyin?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 15:2
10 Iomraidhean Croise  

Gusti Allah banjur ngandika: “Ing pepenthengan langit anaa pepadhang kanggo merang rina lan wengi, lan padha dadia panengeran sarta titikaning mangsa kang tetep apadene dina lan taun.


Para abdine Sang Prabu kang ana ing gapuraning kraton, banjur padha ngucap marang Mordekhai: “Punapaa dene panjenengan kok nerak dhawuhipun Sang Prabu?”


Nanging paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau: “Yagene kowe kok uga padha nerak angger-anggere Gusti Allah marga saka anane adat-tata-caramu dhewe?


Wong-wong mau padha nyumurupi sakabate Gusti Yesus sawatara anggone mangan nganggo tangan kang najis, yaiku ora wisuh dhisik.


Mulane wong-wong Farisi lan para ahli Toret mau banjur padha matur pitakon: “Punapaa dene sakabat-sakabat Panjenengan sami boten ngenut ila-ilaning para leluhur kita, dene sami nedha mawi tangan najis?”


Wong Farisi mau bareng weruh dadi gumun, dene Gusti Yesus sadurunge dhahar kok ora wijik dhisik.


Lan ing bab agama Yahudi aku ngluwihi kanca-kanca barakanku kang akeh-akeh ing antarane bangsaku; aku dadi wong kang sregep banget ngleluri adat-tata-carane para leluhurku.


Diprayitna, aja nganti ana kang nawan kowe nganggo ngelmu rerekan lan piwulang palsu kang tanpa isi manut wulange ila-ila lan roh-rohing jagad, kang ora manut marang Gusti Kristus.


Sabab kowe padha sumurup, yen anggonmu katebus saka kalakuanmu kang tanpa guna, kang kokwarisi saka para leluhurmu, iku ora srana barang kang bisa rusak, uga ora kalawan salaka utawa emas,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan