12 Ing nalika iku para sakabate padha sowan ing ngarsane lan munjuk: “Punapa Paduka mirsa, bilih pangandika Paduka wau dados sandhungan tumrap tiyang Farisi?”
Nanging supaya aku kabeh aja dadi sandhungan tumrap wong-wong iku, kowe mancinga menyang sagara. Iwak kang kena kokpancing dhisik dhewe iku cekelen, angapna cangkeme, kowe bakal nemu dhuwit patang drakhma ana ing jerone. Jupuken bayarna marang wong-wong iku, kanggo Aku lan kowe.”
Balik kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis.