Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 14:2 - Kitab Sutji

2 banjur ngandika marang para abdine: “Iku Yokanan Pambaptis; wis tangi saka ing antarane wong mati, mulane kadunungan kasekten kaya mangkono.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 14:2
7 Iomraidhean Croise  

Satemene Aku pitutur marang kowe: Ing antarane wong-wong kang lair saka wong wadon, ora ana kang madeg ngungkuli Yokanan Pambaptis, ewasamono wong kang cilik dhewe ana ing Kratoning Swarga, iku ngluwihi Yokanan Pambaptis.


Atur wangsulane: “Wonten ingkang cariyos: Nabi Yokanan Pambaptis, wonten ugi ingkang mastani: Nabi Elia; wonten malih ingkang mastani: Nabi Yeremia utawi salah satunggaling nabi.”


Ing nalika samana Nabi Yokanan Pambaptis rawuh ing ara-ara samun ing tanah Yudea, nggelarake piwulang, pangandikane:


Sang Prabu Herodhes iya midhanget bab Gusti Yesus, sabab Asmane wis kondhang lan wong-wong padha kandha: “Nabi Yokanan Pambaptis wis wungu saka ing antarane wong mati, mulane kadunungan kasekten mangkono.”


Atur wangsulane: “Wonten ingkang mastani Nabi Yokanan Pambaptis, wonten ugi ingkang mastani Nabi Elia, sanesipun malih mastani panunggilanipun para nabi.”


Kocapa Sang Prabu Herodhes, nata-wilayah, mireng sakabehing lelakon mau, banjur rumaos kemengan, awit ana wong kang kandha, yen Nabi Yokanan wungu saka ing antarane wong mati.


Lan akeh wong kang sowan marang ing ngarsane sarta padha rasanan: “Sanadyan Nabi Yokanan ora damel pratandha apa-apa, nanging kabeh kang dipangandikakake dening Nabi Yokanan tumrap wong iku, iku nyata.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan