Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 13:44 - Kitab Sutji

44 “Kratoning Swarga iku upamane kaya raja-brana kang kapendhem ing pategalan, kang katemu dening wong banjur dipendhem maneh. Marga saka bungahe, dheweke banjur lunga ngedoli barang darbeke kabeh, petegalan mau tumuli dituku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 13:44
29 Iomraidhean Croise  

sabab ana ing Panjenengane sumimpene raja-brana kawicaksanan lan kawruh.


Mangkono uga saben wong panunggalanmu, kang ora bisa ninggal sabarang darbeke kabeh, iku ora bisa dadi siswaKu.


Amarga ing ngendi dununge bandhamu, iya ana ing kono dununge atimu.


Lan saben wong kang marga saka Aku wis ninggal omahe, sadulure lanang utawa wadon, bapa-biyunge, anak-anake apadene palemahane, iku bakal tampa sembulih tikel satus lan bakal oleh warisan urip langgeng.


Oleh kawicaksanan iku pranyata banget ngluwihi oleh mas, lan oleh pangreten banget ngungkuli oleh salaka.


Tukua kabeneran lan aja kokedol maneh, mangkono uga kawicaksanan, pamerdi lan kawasisan.


mulane Ingsun mituturi sira, supaya sira tukua mas kang binesot ing geni marang Ingsun, supaya sira dadia sugih; lan uga sandhangan putih, supaya sira manganggoa, temah aja nganti katon anggonmu wuda, kang ngisin-isini; apadene lenga kang kagawe mblonyohi mripatira, supaya bisa ndeleng.


Petrus tumuli mangsuli, unjuke: “Kawula sadaya sampun sami nilar samukawis saha lajeng ndherek Paduka; ingkang punika kawula sami badhe angsal punapa?”


Pangandikane Gusti Yesus: “Yen kowe arep sampurna, wis lungaa, barang darbekmu kabeh dolana, lan pepayone kabeh wenehna marang wong miskin, temahan kowe oleh bandha ana ing swarga, banjur mrenea, melua Aku.”


He sakehe wong kang ngelak, padha mrenea lan ngombea banyu, apadene sira kang ora duwe dhuwit, mrenea! Nampanana gandum tanpa bayar lan mangana, uga anggur lan susu tanpa bayar!


Ujer samubarang kang katulisan ing sadurunge, iku katulisan minangka piwulang kanggo kita, supaya kita ngandhemana ing pangarep-arep kalawan sabar mantep sarta kalawan gondhelan panglipur kang saka ing Kitab Suci.


Ana maneh pasemon, kang digelarake marang wong-wong mau, pangandikane: “Kratoning Swarga iku upamane kaya wong kang nyebar wiji becik ing pategalane.


Kowe pancen padha mbelani nandhang sangsara marang wong kang padha dikunjara sarta nalika barang darbekmu dirampog, kowe narima kanthi bungah, amarga kowe padha sumurup, manawa kowe nduweni bandha kang luwih becik sarta kang asipat langgeng.


Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki roti panguripan; sing sapa marani Aku, iku ora bakal luwe maneh, sarta sing sapa pracaya marang Aku, iku ora bakal ngelak maneh.


Apa gunane wong gemblung nggegem dhuwit kanggo tuku kawicaksanan, sabab wong iku tanpa budi?


Muga pangandikane Sang Kristus dumunung ana ing antaramu kalawan luber, satemah anggonmu padha wuruk-winuruk lan eling-ingelingake nganggo sakehing kawicaksanan apadene sinambi nglagokake masmur lan puji-pujian sarta kidung kasukman, kowe padha saos sokur marang Gusti Allah sajroning atimu.


Wong kang ndhewe, iku ngupaya pepenginane, saben panimbang njalari nepsune.


Manungsa ora sumurup marang ajine, sarta iku iya ora tinemu ing bumine wong urip.


Bareng wis oleh mutyara kang banget ajine, banjur lunga ngedoli barang darbeke kabeh, mutyara mau nuli dituku.”


“Karodene maneh Kratoning Swarga iku upamane kaya krakad kang ditibakake ing sagara, banjur ngumpulake iwak warna-warna.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan