Mulane Aku pitutur marang kowe, yen Kratoning Allah bakal kapundhut saka ing kowe lan bakal diparingake marang sawijining bangsa kang bakal metokake wohe.
Saiki, apa kang bakal ditindakake dening kang duwe pakebonan anggur iku? Mesthi bakal teka mrono, wong-wong kang nggarap bakal padha ditumpes, kebone anggur nuli dipitayakake marang wong sejene.
Nanging sing ora ngreti marang karsane bendarane, mangka banjur nindakake apa kang kagolong kena ing ukuman gebug, iku bakal tampa paukuman gebug, sawatara. Saben wong kang kaparingan akeh, iku bakal kapundhutan akeh, sarta kang dipracaya akeh, bakal kapundhutan luwih dening akeh.”
Mulane banjur diundang lan dicalathoni mangkene: Kapriye, dene aku nganti krungu bab tumindakmu kang mangkono iku? Mara, aku wenehana palapuran tumrap rereksanmu, amarga kowe wis ora kena mbanjurake pagaweanmu dadi juru-gedhong.
Nanging Rama Abraham mangsuli, pangandikane: Angger, elinga, yen kowe wis tampa samubarang kang becik salawase uripmu, nanging Lazarus tampa samubarang kang ora apik. Saiki dheweke tampa panglipur, dene kowe nandhang sangsara banget.
Awit saka iku, patrapmu ngrungokake iku gatekna. Amarga sapa kang duwe iku bakal kaparingan, nanging sing sapa ora duwe, iku bakal kapundhutan dalah apa kang kanyana duweke.”
Awit sing sapa isin marga saka Aku lan pituturKu, Putraning Manungsa iya bakal lingsem marga saka wong iku, besuk manawa Panjenengane rawuh kanthi kamulyane piyambak, lan kamulyane Sang Rama sarta para malaekat suci.
Nanging sih-rahmat kang diparingake marang kita iku ngluwihi iku. Marga saka iku Panjenengane ngandika: “Gusti Allah nglawan wong kang kumalungkung, nanging maringi sih-rahmat marang wong kang andhap-asor.”
Kang iku sira elinga sapira jerone anggonira keplorod! Mula mratobata sarta nglakonana kaya panggawenira kang sakawit. Manawa ora mangkono, Ingsun mesthi bakal ngrawuhi sira, sarta Ingsun bakal mundhut padamaranira saka ing panggonane, manawa sira ora mratobat.