Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 13:11 - Kitab Sutji

11 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe padha kaparingan kamurahan diparengake nyumurupi wadi-wadining Kraton Swarga, nanging wong-wong iku padha ora kaparingan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 13:11
40 Iomraidhean Croise  

Pasrawungane Sang Yehuwah kang celak iku karo wong kang padha wedi marang Panjenengane, sarta iku padha diparingi sumurup bab prajanjiane.


Awit Pangeran Yehuwah wus ndadekake kowe padha turu kepati; mripatmu – yaiku para nabi – wus kaeremake lan raimu – yaiku para wong sidik – wus dikrudhuki.


Tumrap kowe kabeh wangsit iku mau kabeh kayadene isining buku kang disegel, manawa iku kawenehake marang wong kang bisa maca kalawan dikandhani: “Iku wacanen,” wong mau bakal mangsuli: “Aku ora bisa maca, awit buku iku kasegel,”


Ing kono bakal ana lurunge, kang bakal kaaranan Dalan Suci; wong kang najis ora bakal liwat ing kono sarta para wong gemblung ora bakal padha kluyuran mrono.


Para sakabate tumuli padha ngadhep lan matur: “Punapa sababipun, dene anggen Paduka ngandika dhateng tiyang-tiyang punika kok mawi pasemon?”


Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus: “Rahayu kowe! Simon bin Yunus, amarga kang nglairake iku marang kowe dudu daging lan getih, nanging RamaKu kang ana ing swarga.


Nanging pangandikane: “Ora kabeh wong ngreti marang kandhaKu, mung kang wus kaparingan kanugrahan.


Pangandikane Gusti Yesus: “TuwungKu pancen bakal kokombe, nanging bab linggih ing tengenKu utawa ing kiwaKu, iku Aku ora wenang nglilani. Iku bakal kaparingake marang wong-wong, kang wis cinadhang dening RamaKu.”


Nanging bab linggih ing tengenKu lan ing kiwaKu iku Aku ora wenang marengake. Iku bakal kaparingake marang wong-wong kang wis cinadhang.”


Paring wangsulane: “Kowe kabeh wis padha kaparingan kekerane Kratoning Allah, nanging marang wong-wong jaba samubarang kabeh kaparingake kanthi pasemon,


Gusti Yesus tumuli mangsuli, pangandikane: “Kowe kang padha diparengake nyumurupi kekerane Kratoning Allah, nanging wong liyane padha kaparingan kang adhapur pasemon, supaya sanadyan padha ndeleng, ora weruh, lan sanadyan padha krungu, ora ngreti.


Panjenengane banjur ngandika: “Mulane kowe wus padha Dakwarah mangkene: Ora ana wong kang bisa marani Aku kajaba manawa wus kaparingan wewenang saka Sang Rama.”


Sok wonga kang gelem nglakoni karsane, mesthi bakal ngreti piwulangKu iki saka Allah, apa saka tetembunganKu dhewe.


Ana sawijining wong wadon panunggalane, jenenge Lidhia, kang melu ngrungokake. Iku dadi bakul kain wungu, pinangkane saka ing kutha Tiatira, wong kang bekti ing Allah. Atine wis binuka dening Gusti, mulane migatekake marang apa kang dipangandikakake dening Rasul Paulus.


Awitdene para sadulur, supaya kowe aja padha nganggep pinter awakmu dhewe, karepku kowe padha nyumurupana wewadi iki: Bangsa Israel iku salong padha mangkotake atine nganti lumebune bangsa-bangsa liyane saganepe.


Kagem Panjenengane, kang nyantosakake kowe kabeh, – manut Injil kang dakkabarake, sarta pawarta bab Gusti Yesus Kristus, laras karo kabare wewadi kang kasidhem pirang-pirang abad lawase,


Sanadyan aku kadunungana peparing bisa medhar wangsit, lan sumurup ing sakehe kawruh, lan sanadyan aku duwe pangandel kang sampurna nganti bisa ngelih gunung, nanging yen aku sepi ing katresnan, iku aku ora aji babar pisan.


Padha gatekna, aku nglairake sawijining wewadi marang kowe: kita bakal padha ora ngalami mati kabeh, nanging kita kabeh bakal padha malih rupa,


Nanging manungsa kadagingan ora nampani apa kang asale saka Rohe Gusti Allah, awit bab iku tumraping wong mau sawijining kabodhoan; sarta wong iku ora bisa mangreti, awit bab mau mung bisa kawawas cara kasukman.


Nanging kang daklairake iku kawicaksanane Gusti Allah kang kineker sarta winadi, kang wus kacawisake dening Gusti Allah ing sadurunge jagad dumadi, kanggo kamulyan kita.


Kang iku, aku padha dianggepa kaya mangkono iku: dadi abdine Sang Kristus, kang pinracaya rumeksa ing kekerane Gusti Allah.


Awit sapa ta kang nganggep kowe iku kinacek? Lan apa ta kang kokdarbeni kang ora saka anggonmu tampa? Dene yen marga saka anggonmu tampa, yagene kowe kok kumlungkung, kaya-kaya ora saka anggonmu tampa?


Panjenengane madhangake mripating atimu, supaya kowe ngreti mungguh pangarep-arep apa kang kamot ing timbalane; iba gedhening pandumane kamulyan kang katemtokake kanggo para suci,


Marga Panjenengane wus medharake wewadining karsane marang kita, manut karo rancangan-palimirmane, yaiku rancangan-palimirma kang wiwit sakawit wus ditetepake ana ing Sang Kristus,


Iki wewadi kang gedhe, nanging kang dakkarepake gegayutane Sang Kristus karo pasamuwane.


uga kanggo aku, supaya manawa aku ngucap, diparingana tetembungan kang bener, lan supaya kanthi kendel anggonku nggiyarake kekeraning Injil,


supaya padha lipura atine, lan padha manunggal sajroning katresnan, satemah bisa nyandhak kasugihaning kawruh kanthi yakin lan nyumurupi kekerane Gusti Allah yaiku Gusti Kristus,


Sarta sanyata linuhur wewadine pangibadah kita iku: “Panjenengane kang wus ngatingal awujud manungsa wus kaleresake marga dening Roh kang ngatingal marang para malaekat, kawartosake ana ing antarane para bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah; kang dipracaya ana ing jagad, iku wus kasengkakake marang kamulyan.”


nanging wong kang bisa nyimpen wewadining pracaya ing sajroning swaraning batine kang suci.


Dene manawa panunggalanmu ana kang kekurangan kawicaksanan, iku nyuwuna marang Gusti Allah, kang maringi marang sakabehing wong kanthi eklas, ora kanthi ngundhat-undhat, sarta bab iku bakal kaparingake marang dheweke.


Balik kowe iku wus padha kajebadan dening Kang Suci, marga saka mangkono kowe padha nyumurupi samubarang.


Sabab jebadan kang wus padha koktampani saka Panjenengane iku tetep ana ing kowe. Marga saka iku kowe ora prelu diwulang dening wong liya. Nanging kayadene bab anggone njebadi iku mulang marang kowe bab samubarang – lan piwulange iku nyata, ora goroh – lan kayadene anggone Panjenengane biyen wus mulang marang kowe, mangkono uga kowe padha tetepa ana ing Panjenengane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan