10 Para sakabate tumuli padha ngadhep lan matur: “Punapa sababipun, dene anggen Paduka ngandika dhateng tiyang-tiyang punika kok mawi pasemon?”
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe padha kaparingan kamurahan diparengake nyumurupi wadi-wadining Kraton Swarga, nanging wong-wong iku padha ora kaparingan.
Banjur padha dipangandikani prakara pirang-pirang kanthi pasemon, dhawuhe: “Ana juru nyebar wiji metu arep nyebar wiji.
Sapa kang duwe kuping ngrungokna.”
Nalika Panjenengane piyambakan, para pandhereke lan para sakabate rolas padha nyuwun katrangan bab pasemon mau.
Para sakabate padha matur pitakon, apa tegese pasemon mau.