Wis, padha sumingkira, padha pindengen isining pangandika, kang surasane: Kang Sunkarsakake iku dudu kurban, nanging kawelasan. Sabab tekaKu iki ora ngundang wong sampurna, nanging wong dosa.”
Pancen, tresna dhateng Gusti Allah kalayan gumolonging manah, kalayan gumolonging budi, saha kalayan sadaya kakiyatan, punapa dene tresna dhateng sasami-sami kadosdene dhateng badanipun piyambak, punika langkung dening utami yen katimbang kaliyan sadaya kurban obaran tuwin kurban sembelehan.”
Sabab para ingkang sami manggen ing Yerusalem saha para pangagengipun sami boten purun ngakeni Gusti Yesus. Saha margi saking anggenipun lajeng ndhawahaken paukuman pejah tumrap Panjenenganipun, sami njalari kayektosanipun pangandikaning para nabi, ingkang kawaos ing saben dinten Sabat.
Dhasar sakehing wong kang metu saka ing tanah Mesir, iku wus padha katetakan nanging wiwit budhale saka ing tanah Mesir mau sakehe wong kang lair ana ing dalan ing ara-ara samun iku padha durung ditetaki.
Nanging ature Nabi Samuel: “Punapa Sang Yehuwah karenan dhateng kurban obaran lan kurban sembelehan sami kaliyan pambangun turut dhateng sabdanipun Sang Yehuwah? Mbangun turut punika saestu langkung sae katimbang kurban sembelehan, nggatosaken langkung sae katimbang gajihipun menda jaler.