Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 12:4 - Kitab Sutji

4 Bab anggone banjur padha lumebu ing Padalemaning Allah lan anggone padha mangan roti cecaosan, kang pancene ora kena kapangan dening Dawud utawa dening pandhereke, kajaba dening para imam?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 12:4
11 Iomraidhean Croise  

Mejane iku tansah dokokana roti sesaosan ana ing ngarsaningSun.”


Dhawuhe Nabi Musa marang Imam Harun lan marang para putrane: “Daging iku olahen ana ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan; banjur padha panganen ana ing kono karo roti kang ana ing kranjang kang kanggo kurban wisudhan, kaya kang wis dakprentahake mangkene: Kakang Harun lan para anake kang padha mangan.


Nanging Gusti Yesus ngandika marang wong-wong mau: “Apa kowe ora maca bab tumindake Senapati Dawud dalah para pandhereke nalika padha kaluwen?


Mangkono uga apa kowe ora maca ing Toret, yen ing dina Sabat para imam padha nerak pranataning Sabat ana ing Padaleman Suci, ora padha kaluputan?


yaiku anggone banjur lumebu ing Padalemaning Allah, nalika Abyatar dadi Imam Agung, nuli dhahar roti cecaosan – kang ora kena dipangan dening wong liyane kajaba dening para imam – lan para pandhereke iya banjur padha diparingi uga?”


anggone banjur lumebet ing Padaleman Suci, mundhut roti cecaosan, nuli didhahar, lan para pandhereke iya banjur padha diparingi, mangka ora ana kang kawenangake mangan iku kajaba mung para imam.”


Jalaran ana tarub kang kapasang rakit, perangane kang ngarep dhewe ana ajug-ajuge lan meja kanggo roti sesaosan. Perangan iki kaaranan pasucen.


Wangsulane Imam Akhimelekh marang Sang Dawud: “Kula boten gadhah roti limrah, ingkang wonten namung roti sengkeran; anggeripun tiyang-tiyang panjenengan sami cegah nggepok tiyang estri.”


Imam Akhimelekh banjur ngaturi roti sengkeran, amarga ing kono ora ana roti liyane kajaba roti sesaosan; roti iku sabenere kalorod saka ing ngarsane Sang Yehuwah, supaya ing dina iku disalini roti anyar maneh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan