Bab anggone banjur padha lumebu ing Padalemaning Allah lan anggone padha mangan roti cecaosan, kang pancene ora kena kapangan dening Dawud utawa dening pandhereke, kajaba dening para imam?
banjur matur marang Panjenengane: “Panjenengan punapa mireng ingkang dipun cariyosaken lare-lare punika?” Gusti Yesus ngandika: “Iya, krungu; apa kowe durung tau maca: Paduka sampun nyawisaken puji medal ing cangkemipun lare-lare saha bayi-bayi?”
Lan uga bab tangine wong mati, apa kowe ora maca ing kitab Musa, bab grumbul eri, anggone Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa: Ingsun iki Allahe Abraham, Allahe Ishak, lan Allahe Yakub?
Gusti Yesus tumuli paring wangsulan, pangandikane: “Apa kowe padha maca bab apa kang katindakake dening Senapati Dawud sapandhereke kabeh nalika keluwen,